sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Sunday, December 15, 2019

Teks Pranatacara Bahasa Jawa Tema Pengajian

TEKS 2 (PENGAJIAN)

Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari ingkang pantes sinudarsana. Para alim, ulama ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung dhumateng panjenenganipun Ustadz Slamet Riyadi ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah.
Para Bapak, Ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Isra Mi’raj nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, dene kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Isra Mi’raj ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
-          Adicara angka sepisan Pambuka
-          Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan  Kitab Suci Al-Qur’an
-          Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati saking ketua panitia.
-          Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapak Kepala Desa.
-          Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Ustadz Slamet Riyadi.
-          Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Bapak Ibu ingkang kula urmati, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Isra Mi’raj ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika saged lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Sumangga adicara ing dalu menika kita bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kula dherekaken BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM. Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kitab Suci Al-Qur’an saking Ananda Bagus Narendra kula sumanggakaken.
======
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak dangunipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking ketua panitia. Dhumateng  Bapak Muslim, panggenan lan wekdal kasumanggaaken.
======
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu Apriyadi minangka Kepala Desa Cilongok kula sumanggakaken.
======
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng Ustadz Slamet Riyadi kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan Isra Mi’raj ndalu punika. Dhumateng Ustadz Slamet Riyadi, sumangga.
======
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun Ustadz Slamet Riyadi ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya, bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Ananging saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula minangka pranata adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para hadirin ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT kanhi maos lafal Hamdalah, Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana, ngaturaken sugeng kondur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

0 comments:

Post a Comment