A.
Wangsulana
pitakonan-pitakonan ngisor iki kanthi menehi tandha X ana ing huruf A, B, C, D
utawa E ing wangsulan
kang bener!
Gatosake
tembang macapat iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4!
1.
Wajibe siswa puniku,
ngudi ilmu kanthi esthi
angel yen durung
dicoba
mula becik den
titeni
susah seneng den
rasakna
kabeh iku bekal
urip
Tembang macapat
pupuh Kinanthi ing nduwur nduweni tema ....
A. lingkungan
B. pendidikan
C. sosial
D. ekonomi
E. agama
2.
Tembung-tembung sing kacethak miring ing teks
tembang ndhuwur, guru lagu lan guru wilangane yaiku ....
A. 7a
B. 8a
C. 8i
D. 8u
E. 9i
3.
Paugeran tembang macapat pupuh Kinanthi ing ndhuwur
yaiku ....
A. 8a, 8i, 8u, 8i,
8u, 8i
B. 8u, 8a, 8i, 8u,
8a, 8i
C. 8u, 8i, 8a, 8i,
8a, 8a
D. 8u, 8i, 8a, 8i,
8a, 8i
E. 8u, 8i, 8u, 8i,
8a, 8i
4.
Saka tembung-tembung teks Kinanthi ndhuwur nduweni
watak ....
A. pendhidhikan lan
tresna asih
B. pejuang lan
priatin
C. melas lan nglara
ati
D. bungah lan
nelangsa
E. priatin lan
gecul
5. Gatekake tembang macapat iki !
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
Tembung “rina” ing tembang ndhuwur
tegese ....
A. amarga
B. anak
C. awan
D. pinter
E. tekun
6. Piwulang luhur
saka tembang ndhuwur yakuwe piwulang babagan ....
A. kapitayan marang
Gusti
B. kawicaksanan
sajroning sambang srawung
C. jiwa satriya
D. upayane manungsa
sajroning urip
E. tata cara
ngurmati sasamaning urip
7. Cacahing tembang
macapat saben salagu, sekang wiwitan/awal nganti tekan rampung diarani ....
A. pada
B. guru gatra
C. guru wilangan
D. guru lagu
E. pupuh
8.
Geguritan utawa guritan dumadi saka tembung lingga
gurit sing tegese ....
A.
tulisan
B.
ngarang
C.
nembangake
D.
kidung
E.
nggawe
Gatekake
pethilan geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9-10!
9.
Pahlawanku
Pahlawanku
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun
sedhih
Karajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Lelewaning
basa/gaya bahasa saka pethilan teks geguritan kasebut yakuwe ....
A. ironi
B. personifikasi
C. metafora
D. hiperbola
E.
repetisi
10. “Wutahing
ludiramu”
Tembung ludira tegese ....
A. pikir
B. getih
C. tanggung jawab
D. semangat
E.
kekarepan
11.
Ing
ngisor iki sing kalebu unsur instrinsik geguritan yaiku ....
A. purwakanthi
B. biografi
C. nilai luhur
D. kahanan panulis
E. tema/liding
crita
12.
Gatekake
pethilan geguritan ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 12-13!
Eling
Dening
: Joko H
Heh . . .
manungsa!
Apa sira ora
krasa yen bantala wis tuwa
Apa sira ora
mikir yen jamane wis akhir
Heh . . .
manungsa!
Sira kudu eling
yen mengko wis mati
Diadusi banjur
kinubur ing siti
Sepen tanpa
kanca, peteng tanpa surya
Bandha datan guna,
arta ora digawa
Pisah kulawarga,
tinilar kadang mitra
Namung amal,
iman, taqwa
Kanggo ngadhep
kang Mahakuwasa
Saka geguritan
kasebut nduweni nilai ....
A.
sosial
B.
budaya
C.
religius
D.
pendhidhikan
E. ekonomi
13.
Piweling sae saka geguritan kasebut yakuwe kudu
kemutan bilih ....
A.
kedah
tumindak sae sarta ngempalaken bandha ingkang kathah supados boten telas pitung
turunan
B.
ingkang
sae menika ngempalaken bandha kemawon, sanesipun saged kalampahan piyambak.
C.
ingkang
dipunbekta boten namung amal kesaenan, nanging bandha ugi dipunbekta.
D.
gesang
ing alam donya namung sekedhap, mila kedah mboten setiti.
E.
gesang
ing alam donya namung amal kesaenan ingkang dados kautaman lan kangge sangu
samangke ing akherat.
14.
Ing ngisor kiye kalebu ciri-ciri paragraf deskripsi,
kajaba ....
A.
aweh
gegambaran sawijining barang, panggonan lan swasana
B.
njelasna
siji definisi kanthi tarwaca thok
C.
gegambaran
dilakokna kanthi migunakna panca indra
D.
nduweni
ancas/tujuan supaya sing maca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan
ngrasakna apa sing dideskripsikna dening panulis
E.
aweh
panjelasan ngenani sawijining objek sing dideskripsikna, bisa awujud warna,
ukuran, sipat, lan liya-liyane.
15.
Gatekake
ukara-ukara ing ngisor iki!
1)
Surjan
awujud klambi lengen dawa digawe saka kain kang tipis lan lemes sarta nduweni
motif lurik utawa kembangan.
2)
Surjan
minangka salah sawijining busana adat Jawa sing dinggo neng wong lanang.
3)
Surjan
nduweni titikan mligi yakuwe iker-iker/krah ngadeg kang ana benike telung
pasang (cacahe enem).
4)
Benik
sepasang (cacahe 2) ing perangan dhadha, lan benik cacah papat ing perangan
weteng sing ora keton utawa didelengake.
5)
Seliyane
surjan esih akeh maning busana adat sing ana ing tanah Jawa.
Urutanipun
ukara-ukara ing inggil dupados dados paragraf deskripsi inggih menika ....
A. 1-3-4-5-2
B. 2-1-3-4-5
C. 3-4-5-2-1
D. 4-5-3-1-2
E.
5-4-3-2-1
16.
Kain
dawa kang digubetna ing weteng kanggo njiret jarik supaya kuat lan ora ucul
diarani ....
A. selop
B. slendhang
C. stagen
D. kemben
E.
kebaya
17.
Busana
adat Jawa putri kang nduweni pralambang wanita Jawa sing alus tumindake uga
manut dhawuh tiyang sepuh lan uga garwane katujokaken ing busana ....
A.
kemben
B.
jarik
C.
kebaya
D.
stagen
E. slendhang
18. Gambar iki diarani
....

A. kuluk
kanigaran
B. beskap
C. surjan
D. selop
E. cundhuk
menthul
19. Gambar ing
ngisor iki nuduhake busana adat penganten
daerah ....
![]() |
A.
Jawa
Tengah
B.
Jawa
Barat
C.
Jawa
Timur
D.
Banten
E.
Jakarta
20. Busana adat Jawa
sing panggonane ing mustaka kaya gambar ngisor iki diarani ....
![]() |
A. Kuluk kanigaran
B. Blangkon
C. Cundhuk menthul
D. Gelung tekuk
E. Epek timang
21.
Adedhasar
jenise, paragraf bisa diperang dadi lima yakuwe deskripsi, argumentasi,
persuasi, eksposisi lan narasi. Lan unggal paragraf mau uga dhuweni
ancas/tujuan sing beda-beda, antara sijine karo liyane. Neng ngisor kiye
ancas/tujuan digawene paragraf eksposisi, yakuwe ....
A.
supaya wong sing maca kaya
ngalami dhewek prastawa utawa kedadeyan sing dialami dening tokoh neng sajroning
cerita.
B.
sing maca gelem nglakoni utawa
nindakaken apa sing dikarepaken utawa ditulis dening pengarang.
C.
nambah wiyar wawasan utawa
pengetahuane sing maca, sing maune ora ngerti dadi ngerti lan sing maune ora
paham dadi paham.
D.
supaya wong sing maca bisa
percaya lan yakin karo apa sing dadi panemune si penulis.
E.
wong sing maca bisa kaya-kaya
weruh dhewek objek uatwa barang sing digambarake dening penulis, senajan wong
kuwe mau urung pernah weruh objek utawa barang sing digambaraken mau.
22. Gatekaken foto salah sijining
piranti gamelan neng ngisor!
|
Piranti gamelan neng dhuwur, menawa
dimainaken kanthi cara ....
A. dithuthuk
B. dikeplak
C. disebul
D. digesek
E. dipetik
23. Gatekaken foto salah sijining
piranti gamelan neng ngisor!

Piranti gaemalan neng
dhuwur, diarani ....
A.
kendhang
B.
gambang
C.
demung
D.
saron
E.
gender
24. Wong
sing nembang banjur diiringi musik gamelan diarani wiraswara/swarawati, lha
wong sing nabuh gamelan diarani ....
A.
sinden
B.
dalang
C.
lengger
D.
nayaga
E.
wayangan
25. Gatekaken data-data neng ngisor!
a.
Ayo nabung
b.
Kasil penelitian
c.
Candi Borobudur
d.
Cerita pengalaman
e.
Resep sinau sing efektif
f.
Dolan menyang Curug Cipendok
Adedhasar
data-data neng dhuwur, sing bisa dikembangaken dadi paragraf eksposisi yaiku ....
A.
a lan c
B.
b lan d
C.
c lan e
D.
a lan d
E.
b lan e
26.
Suling kuwe salah siji piranti
musik tradisional gamelan Jawa sing digawe sekang pring, dawane udakara
setengah meter. Piranti musik kiye dimainake kanthi cara disebul utawa didamu.
Swara suling dikasilaken sekang rongga angin sing digeteraken lewat sebulan
utawa damuan angin. Fungsine kanggo nambah swara-swara neng melodi. Neng piranti
musik gamelan Jawa, suling kuwe duwe 2 laras, yakuwe slendro lan pelog. Suling
slendro nduwe patang bageyan sing bolong, lan suling pelog ndhuweni bolongan
lima.
Paragraf nang dhuwur kalebu paragraf eksposisi pola
pengembangan ….
A.
definisi
B.
proses
C.
klasifikasi
D.
ilustrasi
E.
perbandingan
27. Sinta : “. . . .”
Bu Desi : “Ana, arep kanggo acara apa Ibumu ngampil
buku Tuntunan Sesorah?”
Pitakenan
ingkang trep kangge nggenepi pacelathon ing nginggil inggih menika ...
A.
Kula
dipunutus ibu tumbas buku Tuntunan Sesorah, menapa wonten?
B.
Kula
dipunkengken ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa gadhah?
C.
Kula
dipunkengken ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa wonten?
D.
Kula
diutus ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa leres?
E.
Kula
dipunutus ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa kagungan?
28. Ing ngandhap
menika kalebet patrap ingkang sae nalika
matur dhateng tiyang ingkang langkung sepuh, kajawi....
A.
ngangge
basa ingkang trep kaliyan unggah-ungguh
B.
swantenipun
boten seru nanging jelas
C.
mripatipun
mentheleng
D.
ngangge
trapsila lan sopan santun
E.
matur
ngangge basa ingkang sae
29. Teng
satunggaling dinten Bapak Slamet kaliyan garwanipun badhe tindhak dhateng
peken. Teng tengah margi kepanggih kaliyan Mas Anto tangga tepalihipun ingkang
saniki sampun dados Polisi. Ngendhikanipun Bapak Slamet kaliyan garwanipun
dhumateng mas Anto saenipun ngginakaken basa ....
A. krama lugu
B. krama alus
C. krama inggil
D. ngoko lugu
E.
ngoko
alus
30. Gatekna ukara neng
ngisor kiye!
Sampeyan purun nedhi sekul goreng mas?
Ukara neng ndhuwur nganggo basa ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E.
krama
inggil
31. Bapak . . . handphone awis nanging sampun ical teng
margi.
Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara
kasebut yaiku ....
A. kersa
B. dhahar
C. kagungan
D. gadhah
E. remen
32. Tembung-tembung
neng basa Jawa bisa diperang dadi telu, yakuwe tembung ngoko, krama lugu/madya
lan krama inggil. Neng ngisor kiye sing kalebu tembung krama lugu/madya yakuwe
....
A.
dhahar, wangsul, tindhak
B.
adus, gerak ngasta
C.
tilem, ningali, nedha
D.
tangi, ngunjuk, kondur
E.
mundhut, nedha, mriksani
33. Gatekaken ukara
neng ngisor kiye!
“Ibu Darsini lunga pasar tuku jeruk, lenga, lan endhog”.
Menawa ukara neng ndhuwur disalin nganggo basa krama alus yakuwe ....
A. Ibu Darsini tindhak pasar mundhut
jeruk, lenga, lan endhog
B. Ibu Darsini kesah pasar tumbas
jeruk, lenga kalian endhog
C. Ibu Darsini tindhak peken mundhut
jeram, lisah kalian tigan
D. Ibu Darsini kesah peken tumbas
jeram, lisah kalian endhog
E.
Ibu
Darsini bidhal peken tumbas jeram, lisah lan tigan
34. Aksara
sandhangan swara menika cacahipun wonten ....
A.
tiga
B.
sekawan
C.
gangsal
D.
nem
E.
pitu
35. Aksara Jawa
(nglegena) cacahipun wonten ....
A. kalih dasa
B. selikur
C. kalih likur
D. tiga likur
E.
sekawan
likur
36. Aksara rekan
fa/va hurufe ....
A. f+
B. j+
C. p+
D. g+
E.
k+
37. ?[ko[sokBli[nawn\ .....
Tetembungan ingkang
trep kangge njangkepi ukara
ing nginggil inggih
menika....
A.
aisuk\
B.
wezi
C.
[so[r
D.
auputHuput\
E.
li=si/
38. “Tumrape wong
Jawa”, menawika serat ngangge aksara Jawa inggih menika ....
A.
?tum][pP[w=ojw.
B.
?tumR[pP[w=ojw.
C.
?tumr[p[w=ojw.
D.
?tum][p[w=ojw.
E.
?tumR[p[w=ojw.
39. Gatekaken ukara sing nganggo aksara Jawa neng
ngisor!
?p+rif[mluO/gnissikr=trunkwitW|ln¿Ap]il¿.
Ukara neng dhuwur menawa disalin nganggo aksara Latin
yakuwe ....
A. Parida melu organisasi karang
taruna mulai wulan April.
B. Farida melu organisasi karang
taruna mulai sasi April.
C. Parida melu organisasi karang
taruna kawit wulan April.
D. Farida melu organisasi karang
taruna kawit wulan April.
E. Parida melu organisasi karang
taruna kawit sasi April.
40. Tatag ngadhepi kanyatan. Menawi diserat
ngangge aksara Jawa inggih menika....
A.
?ttg\nGdepikvtn\
B.
?ttgZfepikvtn\
C.
?ttg\zdepikvtn\
D.
?ttgZdepPikvtn\
E.
?ttgZdepikvtn\
B.
Wangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kanthi patitis!
41. Gatekake tembang
Kinanthi iki!
Mangka
kanthining tumuwuh
Salami mung awas
eling
Eling lukitaning
alam
Dadi wiryaning
dumadi
Supadi nir ing
sangsaya
Yeku
pangreksaning urip
Jlentrehake piwulang luhur saka tembang
ndhuwur kanthi jangkep!
42. Apa
bedane geguritan gagrag lawas karo gagrag anyar? Jlentrehna!
43. Jlentrehake apa
sing dimaksud paragraf deskripsi lan apa tujuan nggawe paragraf deskripsi!
44. Ukara ngandhap
menika taksih kirang trep kaliyan unggah-ungguhing basa, owahana dados ukara
ingkang leres!
a. Saben enjang
kula wungu jam tengah gangsal lajeng siram.
b. Kanca kula boten tindak sekolah,
amargi saweg gerah.
45. Owahana aksara
Jawa iki dadi aksara Latin!
?I/lnDiympnHi=brtLaut\E[rop.
0 comments:
Post a Comment