Identitas jawa kang dilalekake
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan
gawe gela….
Lagu dolanan kang
wonten ngandhap menika dek biyen sering dipun ajaraken dening tiyang sepuh kangge putra putrinipun. Nanging
saiki sampun benten kahananipun. Kathah
masyarakat saiki milai wegah
ngajaraken tembang tembang dolanan.
Boten mung menika lare lare saiki uga luwih seneng nembang tembangan ingkang alirannipun pop.
Dolanan lare lare saiki beralih dolanan modern. Padahal wonten ing tembang tembang
dolanan Jawa wonten nilai saenipun, kadosta nilai moral, pendidikan, estetika,
kemanusiaan, agama, lsp. Nanging , saiki masyarakat kadosipun kesupen kaliyan hal menika.
Panganan
Tradisional taksihkah dadhos Kebanggaan?
Wonten jaman ingkang serba instan menika boten mung kita ingkang dipunmanjakaken dening teknologi modern. Namung panganan uga serba instan. Sanadyan ibu-ibu Indonesia ingkang punika wanita ingkang hebat kaliyan masakanipun inkang nyehataken salira. Yen kita bandingaken bahan bahan ingkang wonten panganan instan kaliyan panganan kang diolah tradisonal luwih nyehatakaen panganan kang diolah tradisional. Nanging, kathah masyarakat saiki boten perduli kaliyan hal menika. Menawi tiyang tiyang dipuk kon milih antawis pizza kaliyan nagasari, temtu tiyang menika milih pizza. Menawi kita telusuri nagasari kajawi mirah uga luwih sehat dibandingaken kaliyan pizza. Kathah masyarakat ingkang lali babagan menika.
Kajawi menika , mangan
panganan tradisional boten mung urusan sehat utawi boten. Menawi kita mangan
panganan tradisional sami halipun kita nglestarikaken
budaya lan cinta kaliyan produk dalam negeri. Saengga secara boten
langsung kita uga mbangun pertanian Indonesia.
Kesenian Tradisional
Jawa minangka Tuntunan
Alat musik Jawa inggih menika gamelan. Gamelan biasanipun dipunputer kanthi
instrumental kangge ngiringi
pementasan wayang (wayang kulit utawi golek) utawi tari-tarian. Gamelan sejatosipun inggih menika
seperangkat alat musik kang biasa
terdiri saking gending (kenong atau saron), bonang, jeglong, kecik, kendang,
seruling, gong, kenong, rebab lan sanesipun. Dadhos gamelan inggih punika sebutan kangge seperangkat alat, boten setunggal tunggal saking alat kasebut. Wonten
ing kasus menika dipunsebabaken inti wonten gamelan inggih punika harmoni utawa keselarasan swanten kang dipunproduksi
alat-alat musik kasebut. Konsep
keselarasan menika uga nyatu dadhos
setunggal kesatuan lan nyatu wonten ing jiwa manungsa Indonesia, utamanipun masyarakat
Jawa. Supadhos boten salah kinten kinten menawi kathah tiynag ingkang ngendhika menawi gamelan inggih punika cerminan masyarakat Jawa.
Sayange wonten ing
jaman menika , gamelan kalah gaung saking musik-musik konvensional. Dalu menika wonten
pagelaran seni musik mainstream wonten
ing tanah air nanging gamelan menika sampun boten medal. Malah sampun ical wonten ing hiruk-pikuk kemjuan industri musik pop ing nusantara..
Kesenian drama atau
teater di Jawa adalah wayang, ketoprak,
ludruk lsp. Pagelaran teater tradisional Jawa ngemot nilai moral kang inggil kangge
masyarakat umumipun lan kususipun tiyang ingkang ningali . Pesan moral menika
saged dipunngertosi saking amanat-amanat wonten cariyos menika ingkang dipuntunjukaken, tuladhanipun wonten
ing cariyos kisah Baratayuda ing wayang kulit purwa Jawa. Wonten cariyos baratayuda kasebut ngemot pesan moral supadhos
slalu nanamaken bebener lan kejujuran ingkang badhe ngalahaken kebatilan. Wonten ing cariyos liya kisah
Ramayana, kisah kang ngemot pesen moral kang inggil. Tokoh rama, raja ayodya menika lambang kesucian lan kebenaran, nglahaken rahwana, raja alengka kang sekti minangka
lambing asor . Kisah kasebut ngungkapake pesen moral supadhos manungsa slalu
ngajengaken bebener, kesucian,lan kejujuran. Boten mung nilai moral kang dipunkandung
ing seni drama tradisional, namung wonten
nilai sosial, nilai budaya, nilai pendidikan, nilai keindahan nilai
kemanusiaan.
Seni drama atau seni
teater inggih menikia panggonan ketemune
cabang seni, yaitu seni musik, seni tari, seni suara, seni panggung, seni
lukis, lan seni peran. Perpaduan seni kasebut mbekta keendahan akal kang menarik lan dadhos kepuasan batin. Saking
menika kita saged nyimpulaken menawi seni teater paedahipun kangge hiburan uga kangge wadah ketemune para warga, lan paedah
sanesipun inggih punika kangge ritual, sipatipun trasedental, hubungan antawis
manungsa kang setunggal kaliyan manungsa sanesipun.
Sami kaliyan kesenian
gamelan, teaterutawi kesenian Jawa kang
sanesipun , tari tradisional Jawa uga nggadahi nilai-nilai sae kang terkandung . kajawi nilai
estetika uga wonten nilai kang wonten ing tari tradisonal, kadosta
nilai pendidikan, nilai moral, nilai
religious, lsp. Tuladhanipun
tari bondan kang nggambaraken ibu kang ngrawat putranipun kang ngatos atos
sanget lan kasih sayang. Hal menika
saged dipundadhosaken pembelajaran kangge putra-putrinipun menawi ibu
sampun ngrawat kita kaliyan cinta ibu.
Kesenian
Jawa Di Tengah Industri Hiburan
Kasim Achmad dari
Direktorat Kesenian Departemen Pendidikan dan Kebudayaan ndefinisikakaen kesenian tradisional minangka:
Bentuk
seni kang sumberipun lan akaripun sarta sampun
dipunrasakakaken dening milik masyarakat jawa. Pengolahannipun adedasar
cita-cita masyarakat panyengkuyung. Kasil
kesenian tradisional biasnipun ditampi minangka tradisi, pewarisan kang
dipuntransfer saking generasi lawas kangge generasi muda. Nalika kesenian
non-tradisional, wonten ing bidang seni
sering kasebut kesenian modern, inggih
punika bentuk seni kang penyengkuyung menika adhedasar saking cita raos wonten ing kalangan masyarakat panyengkuyungipun.
Cita raos menika umumipun inggih punika
kasil pembaruan utawa penemuan (inovasi utawa akibat pengaruh saking njawi lan sering uga wonten kang sumberipun saking cita rasa “Barat”)
Kesenian tradisional inggih
menika produk budaya kang rentan kangge
gempuran budaya asing. Kita ngertos menawi kesenian awale lair minangka media kangge
hiburan. Kesenian tradisional inggih menika hiburan kangge masyarakat kelas bawah. Para
petani kang sampun rampung nggarap ladang lan sabinipun lajeng nunggu panen asil
kerja petani menika. Wonten ing sela-sela nunggu menika para
tani nglairaken kesenian rakyat kadosta
jathilan/kuda kepang, reog, tari-tarian, lan sanesipun. Tiynag tiynag ingkang
boten kalibat langsung kaliyan proses
kreatif kasebut memposisikan diri minangka penonton.
Namung wonten era
global kahanan menika kewalik. Kaliyan wontenipun teknologi komunikasi kadosta
TV, radio, lsp. Saiki masyarakat saged
nikmati hiburan tradisional kanthi modern.
Saengga pemain diadepakaen kaliyan pilihan hiburan kang disenengi. Hal menika ngancem sumingkir kesenian tradisional Jawa ing tengah industri
hiburan jaman saiki. Gamelan saiki kalah kaliyan gaung musik pop, jazz, rock, lsp. kesenian tradisional Jawa kang
sanesipun nggih sami. Hal menika sampun
kabukti, saiki kesenian tradisional wayang orang Bharata, kang wonten ing Gedung
Wayang Orang Bharata Jakarta saiki Nampak sepen seolah-olah boten wonten pengunjungipun. Hal menika
sanget dipunsayangaken ngenget wayang inggih
punika salah satunggalipun bentuk kesenian tradisional Indonesia kang sarat lan
kaya pesen pesen moral, lan inggih
menika salah satunggaling agen penanaman nilai-nilai moral kang sae tuladha
sanesipun inggih menika kesenian Ludruk kang kanthi taun 1980-an taksih jaya wonten
ing Jawa Timur saweg ngalami “mati suri”. Wayang orang ludruk inggih
menika tuladha milai icalipun kesenian
tradisional akibat globalisasi.masyarakat Jawa utama anak muda luwih seneng
kesenian modern tinimbang tradisional.menawi sampun mekaten sinten ingkang
luput?
Kahanan menika boten pareng kita joraken . Budaya lokal
(tradisional) inggih menika salah satunggaling identitas bangsa. kita boten mung mireng kaendahan lan kehebatan budaya tradisional
Jawa saking nenek moyang kita kemawon.
“Aja nganti budaya kita dicolong dan diakui negara liya dhisik
nembe kita bertindak dadhos rakyat
Indonesia kang ndadak nasionalis.”
0 comments:
Post a Comment