UKARA LAMBA
Yaiku
ukara kang medharake gagasan mung siji. Tembung lamba duwe teges wantah utawa
ora rangkep.
Tuladhane:
1. Suminah // ngguyu ngakak.
J W
J W
2. Bocah kuwi //seneng padu.
J W
J W
3. Bapak lan ibu // nembe tindak // dhateng
Yogya.
J W P
4. Mas Wahya // nukokake // adhiku // sarung bathik
J W L Gg
keterangan:
J : jejer (subjek)
W : wasesa (predikat)
L : lesan (objek)
Gg : (Geganep/pelengkap)
P : Panerang
J W P
4. Mas Wahya // nukokake // adhiku // sarung bathik
J W L Gg
keterangan:
J : jejer (subjek)
W : wasesa (predikat)
L : lesan (objek)
Gg : (Geganep/pelengkap)
P : Panerang
UKARA
CAMBORAN
Yaiku ukara kang medharake gagasan
luwih saka siji, mula disebut uga ukara rangkep.
Ukara camboran kaperang dadi loro
yaiku:
a. Ukara camboran
sadrajat utawa sajajar
Yaiku ukara sing klausa-klausa
jroning ukara kasebut duwe kalungguhan kang padha.
Tuladhane :
1). Mbakyuku kuliyah ing Semarang lan adhiku kuliyah ing Salatiga.
2). Kowe sing seneng, nanging aku sing senep.
3). Budiarti iku pinter tur ayu sisan.
4). Haryati kuwi dudu guru, nanging dhokter puskesmas.
4). Haryati kuwi dudu guru, nanging dhokter puskesmas.
Ukara camboran sadrajat (sajajar
iku biasane digabung dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng utawa
tandha koma antarane klausa siji lan sijine.
Tembung panggandheng kang asring
dienggo yaiku lan,
sarta, nanging, ning, dene, banjur, terus, utawa, lajeng, tur, saha, malah lan apa.
b. Ukara camboran sungsun (kalimat majemuk bertingkat)
Yaiku ukara sing klausa-klausane
duwe kalungguhan kang ora padha.
Tuladhane :
1) Mbak Yuli ora nyambut gawe jalaran lara mriyang.
2) Suminah ora mlebu sekolah amarga ibune lara.
3) Dheweke tetep kukuh panemune, sanajan ora dicocogi karo wong akeh.
4) nalika Dipta teka, Jatmika lagi dolanan komputer.
5) Bapak mau ngendika yen kowe ora pareng dolan.
4) nalika Dipta teka, Jatmika lagi dolanan komputer.
5) Bapak mau ngendika yen kowe ora pareng dolan.
Tembung
panggandheng ing ukara camboran susun (sungsun) yaiku
sabab,
amarga, jalaran, sanadyan, nalika, rikala, yen, menawa, supaya, marang, awit,
kanthi, mula, saupama, karo, kaliyan, lan
miturut.
sumber : paramasastra gagrag anyar basa Jawa karya Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka 2008