sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Monday, December 30, 2013



Lintang Alihan

Lintang abyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalikane alihan
Kumleyeng mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar
Sinare gilar-gilar ing telenge atimu
Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawiwitan lintang abang,
Lintang perang
Kapindho lintang mirunggan,
Lintang kamanungsan
Pungkasan lintang kumukus,
Lintang kadurakan

Wednesday, December 25, 2013

Amarga Salah Alamat [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]


Sawijining sore katon Pras, Yudhi lan Pandu lagi sinau bareng ing teras omahe Pras”
“Eh Yud, yen soal nomer loro iku piye?” pitakone Pandu
“kuwi nganggo cara sing diwarahi Bu Guru mau awan kae lho Pan”
“Oh iya…sing mau digarap Pras ning ngarep kae ya Yud” Pandu katon mudeng sinambi manthuk-manthuk
“yup betul subenar” jawabe Yudi
***
“eh..leren sik cah, iki ono es sirup, ya sepurane wae Ibu lagi tindak ning daleme Budhe dadi ora masak deh, kepeksane banyu wae ora pa pa ya cah heheh” Pras metu saka njero omah sinambi cengar cengir

Monday, December 23, 2013



Ibu

Sabar..
Ikhlas..
Tanpa pamrih..
Kuwi sejatine ibu..
Toh nyawa ora dipikir
Kang penting anak selamet
Ora kurang siji-sijia
Ora ngrasakake lelara
Apa wae kanggo anak
Tak mikir untung rugi
Ibarate, nyawa wae dadi toh-tohan
Ibu..
Ngapurane durung bisa wales

Thursday, December 12, 2013



Sore

Kewan-kewan padha bali omah
Rina bakal gumanti dening wengi
Padhange donya bakal angslup ing wengi
Pratandha wayahe leren
Kalong lan lawa padha metu saka leng
Peksi lan kupu padha balik ing susuh
Manungsa padha leren pagaweyane
Wektu wus kaetung dina sesuk
Angine sangsaya anyep
Langite uga katon kaya mendhung