sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Monday, September 8, 2014

Layang Pribadi Kanggo Calon Presiden

Semarang, 15 Juni 2014
Kagem Bapak Jokowi
Wonten dalem
            Assalamu’alaikum wr.wb
            Kados pundi kahananipun Bapak? Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak.
Bapak Jokowi ingkang kula bekteni. Wontene serat menika, kula badhe matur menawi Bapak dados Presiden samangke kula nggadahi pepenginan ingkang sampun dangu kula impen-impenaken. Wonten indonesia mriki senajan buminipun sugih ananging taksih kathah tiyang ingkang kahananipun dereng sae, taksih kathah tiyang alit ingkang kedah dipunbiyantu kayata pendidikan lan sembako ingkang murah. Hukum Indonesia uga kedah tegas ampun mbenten-mbentenaken pundi tiyang alit (rakyat biasa) lan pundi tiyang sugih (pejabat). Masalah ingkang luwih utami inggih menika mbrantas tiyang ingkang korupsi menawi saged damel undang-undang ingkang wosipun “barang siapa yang terbukti korupsi akan dipenjara seumur hidup dan didenda lebih tinggi dari apa yang telah diambil” supados boten wonten tiyang ingkang wantun korupsi lan negari dados makmur. Pramila kula nyuwun menawi samangke Bapak dados Presiden, muga-muga nagari Indonesia menika dados nagari ingkang luwih makmur lan sejahtera. Amin
Ing wusana cekap semanten serat saking kula. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. Nuwun
Wassalamu’alaikum wr.wb
Urmat kula,
Muji Lestari

0 comments:

Post a Comment