sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Saturday, January 4, 2014

pambagyaharja

A.  Tegese Pambagyaharja.
            Tembung pambagyaharja kedadeyan saka rong tembung yakuwi pambagya lan harja kang didadekake siji (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya nduweni teges pambage , enggone mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat, ngurmati (2001:26). Dadi, tegese pambagyaharja ngaturi pakurmatan utawa bage-binage, mbagekake para among tamu kang rawuh ana sasana pawihan.
Ana ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak ana titi adicara sawise  penganten kekalih nindakake sungkeman. Ngendikane panata adicara kurang luwihe kaya mangkene.
Wus paripurna risang penganten marak sowan saha nindakaken sungkeman, saestu lampahing budaya edi endah angresepaken pandulu, tumapaking adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja kairing atur panuwun saha wedharing gati saking Bapak/Ibu ingkang amengku karya. Ing sakawit panjenenganipun Bapak/Ibu … badhe matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, ananging awrat nampi sih kadarmin ingkang arupi menapa kemawon saking para tamu, saengga namung kandheg ing jaja, lajeng lenggah, legeg ing wardaya boten saged matur menapa-menapa, pramila lajeng ngresaya dhumateng panjenenganipun Bapak … minangka badal wakilipun, ingkang menika sasana wara saha piantosi  pun sumangga katur. Nuwun!
Pambagyaharja uga dianggo ana acara supitan. Ing ngisor iki tuladha pambagyaharja ana ing adicara pengantin lan supitan.
B.  Sangunipun Juru Sesorah/Pamedharsabda
1.       Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
1.       Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
1.       Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
1.       Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
1.       Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
·         Sapa sing ngajak guneman;
·         Sapa sing diajak guneman;
·         Sapa sing diomonggake;
·         Swasananing nalikaning guneman;
·         Padha mangerteni sing diomongake.
Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah ana ngarepe pawongan akeh :
a)       Temtokake ancasing sesorah
b)       Nganalisis situasi lan para pamireng
c)       Milih lan nyiutake topik.
d)       Ngumpulake bahan.
e)       Nggawe cengkorongan
f)         Ngandharake cengkorongan kanthi komplet.
g)       Gladhen mawa swara sing banter.

C. Tuladha Pambagyaharja
·         Pambagyaharja Penganten
Assalamu ’alakum Wr. Wb.
Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu …, ingkang pidalem ing …, sampun  kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mriki saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki kang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening sanak kadang ingkang sowan, ananging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingkang dados wigatosing pahargyan ing ratri/siang menika. Sanggyaning tamu ingkang pantes ingkang pantes sinudarsana, kawuningan bilih Bapak/Ibu … ing wekdal menika kagungan kersa/hajat mbojakramekaken putrinapun putri ingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk anak mas Bagus … putra kakungipun Bapak/Ibu ….
Ingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …
Ingkang ijab lan kabulipuun sampun kaleksanan ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.
Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten  kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin.
Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih sanak kadang inggih wiwit nguntir tali sepisanan ngantos samangke saparipurnaning gati, ingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kula kurmati!
Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingkang namung sarwa prasaja saengga boten laras kaliyan kalengganipun Bapak/Ibu/sdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih Bapak/Ibu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingkang sarwa prasaja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.
Wasana cekap semanten ingkang dados aturipun Bapak/Ibu …


Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtiking penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi saparipurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb.  Nuwun!

0 comments:

Post a Comment