sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Wednesday, June 20, 2018

NYEMAK MUSYAWARAH BAHASA JAWA

Materi Kelas 11 (XI) KTSP Bahasa Jawa KD Mendengarkan.

NYEMAK MUSYAWARAH
            Ing sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokna lan nyemak. Ketelune beda-beda tegese.
Krungu tegese proses kagiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa mung kebeneran bae.  Tuladhane : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba sekang ndhuwur gendheng. Ngrungokna tegese proses kagiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging durung ana unsur pemahaman. Tuladhane : Nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku/kasenenganku, sewise aku ngrungokna lagu kuwe, mbarang wis rampung lagune, aku nglanjutna sinau maning. Nyemak tegese proses kagiyatan nyemak lambang-lambang lisan kanthi nggatekna temenanan, paham, apresiatif, sarta nangkep isi utawane pesen babagan sing diomongna. Tuladhane : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi temanan, sinambi nyatet bab-bab penting sing diterangna.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwe : nyemak Ekstensif lan intensif
            Musyawarah mujudaken cara kang prayoga kanggo ngrampungna perkara kanggo nggoleti solusi utawa cara ngrampungi perkara. Ora perlu rebutan adu bener. Ing musyawarah mesthine nduweni tujuan mupakat. Awit saka kuwe, tanggapan ing musyawarah bisa awujud gagasan, kritik, usul utawi saran lan dukungan. Musyawarah bisa mlaku kanthi apik manawa kabeh sing magepokan karo kagiyatan kayadene ketua, juru tulis, moderator, lan pasarta.
1.      Moderator/pranatacara sing nata mlakune musyawarah nduweni kuwajiban yaiku :
a. sing bakal miwiti kanthi ngandharakna apa bae sing arep dirembug
b. mratitisana sapa sing olih aweh pamanggih
c. aweh kalodhangan maring sing nanggepi
d. nyimpulna musyawarah
Moderator utawa pranatacara apike wong sing :
a. nguwasani perkara sing dirembug
b. landhep pikirane, pratitis
c. bisa ngregani pendapatane wong liya
d. jujur lan ora abot sisih
e. adil
f. ora nduwe pendapat sing ora apik.
2.      Ketua musyawarah kuwajibane :
a. nentukna tujuan musyawarah
b. ngomong pokok-pokok perkara sing arep dirembug
c. njawabi pitakonan=pitakonan sing pasarta
d. nentukna asil musyawarah.
3.      Juru tulis kuwajibane :
a.       Nggawe ringkesan/dudutan utawa notulen
Isine notulen
-          Judul (musyawarah bab apa)
-          Wektu musyawarah
-          Sapa pimpinane musyawarah
-          Pira jumlah sing melu
-          Rantaman adicara
-          Simpulan musyawarah
-          Asil musyawarah
-          Ditandatangani notulis lan pimpinan musyawarah.
4.      Pasarta kuwajibanipun :
a.  Ngrungokna sing dirembag ing musawarah.
b.  Ora ngomong angger urung di olihna neng moderator.
c. Sopan, ngajeni kabeh pamanggih pasarta liya.
Kabeh  sing dijlentrahna neng ndhuwur kalebu tata carane musawarah sing sifate resmi.

Gladhen!
1) Gawea kelompok lan paragakaken musawarah ing ngarep kelas.
2) Tentukna tema sing arep dirembag.
3) Tentukna paraga sing kudu ana ing musawarah.
4) Gawea lapuran asil saka musawarah.


KAPUNDHUT SAKING PINTEN-PINTEN SUMBER LAN KANTHI OWAHAN.