sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Friday, September 20, 2013

BUDAYA SLAMETAN NANG MASYARAKAT JAWA

               Indonesia yaiku negara sing akeh kebudayan. Kebudayan iku kudu tetep dijaga lan dilestariake, khususe nang masyarakat Jawa iki esih akeh ditemoni acara Slametan. Slametan iku artine upacara sedekah dedhaharan utawa doa bareng sing tujuane kanggo njaluk keslametan lan kententreman keluarga sing ngadakake, nanging uga bisa arupa wujud syukur kangge sing gawe urip yaiku Gusti ingkang Maha Agung. Slametan turun-tumurun saka masyarakat Jawa biyen. Bentuk slametane iku ngumpulake wong-wong khususe tangga teparo karo diwenehi dedhaharan, nanging sadurung padha dhahar dianakna tahlilan, ana uga slametan sing dedhaharane dibuang ning segara utawa kanggo rebutan masyarakat. Slametan digawe nalika
ana acara kelairan, rampung gawe omah anyar, motor anyar, kelulusan, sekolah anyar, nikahan, gawe jeneng bayi, ganti jeneng, sunat, panen, ngimpi buruk, buka pabrik, sawise lara, pindahan, suran, ngupati lan mithoni. Seliya nang pulo Jawa, nanging nang Sumatra, Kalimantan lan Belanda uga ana acara slametan senajan seje sithik kalian slametan nang Jawa. Slametan uga nduweni fungsi yaiku bisa kanggo njaga kekeluargaan sahengga bisa urip rukun, tentrem, bareng wong sekitare.Praktek acara Slametan iku nang agama Islam ana sing nrima lan ana uga sing ora bisa nrima, kejaba nek unsur-unsur syirik sing biasane disebatna kanggo dewa-dewa, roh-roh iku diilangna. Slametan sing nganggo cara Islam yaiku upacara sing dipimpin ulama lajeng diterusna mangan bareng. Slametan ing agama Islam digawa saka Wali Sanga supaya ajaran-ajaran sing nyimpang kalian agama islam bisa ilang lan wong-wong ora syirik maneh. Sejen kalian slametan jaman biyen senajan saiki uga esih ana sing nganggo, wong biyen nganakake slametan kanggo unsur syukur nanging kangge roh-roh alus.Slametan sebenere bisa dilakoni kanggo sapa wae, nanging aja ngasi gawe repot dheweke. Nang agama Islam ora kudu maksa ana acara iku. Nanging kita sing asli masyarakat Jawa kudu bisa njaga budaya iku supaya ora ilang, amarga slametan sing Islami nduweni tujuan sing apik.   

0 comments:

Post a Comment