sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Saturday, March 14, 2015

Cerita berbahasa Jawa



DIDHAWUHI IBU GURU

Pinuju ngaso Ibu Guru Yayuk nimbali Martini. Martini didhawuhi njupukake buku kang kari ana ing meja guru. Ibu /yayuk ngendika, “Tini, mrenea sedhela!” Sing ditimbali age-age mara nyedhak, ngadeg jejeg, tangane tumata, ngapurancang, polatane sumeh, banjur matur, “Punapa, Ibu?” Anggone matur Martini swarane lirih, nanging cetha, lagune luwes kepenak.
Ibu Yayuk mbacutake ngendikane, “Jupukna buku ing meja guru!” Sing didhawuhi enggal-enggal njupuk buku, nuli bali matur, “Punika, Ibu.” Matur mangkono iku karo ngaturake buku, awake rada mbungkuk. Dene buku kang diaturake kuwi sadurunge wis diwalik. Dadi, samangsa Ibu Yayuk nampani, terus bisa maca tulisane, ora usah diwalik.
Ibu Yayuk nampa buku, mustakane manthuk sathithik, karo ngendika, “Ya, matur nuwun.” Martini matur, “Sami-sami.” Ibu Yayuk nuli minger tindak menyang kantor kepala sekolah. Martini rada mbungkuk maneh nguntabake  tindake Ibu Yayuk.
Sapa bae sing nyumurupi, krungu, lan ngalami kadadeyan ing dhuwur kasebut bisa seneng, marem, lan tentrem. Ibu Yayuk lan Martini uga melu seneng, marem lan tentrem, bisa padha sesrawungan nganggo tata krama, lan uga wis kabukten manawa tata krama kuwi bisa gawe tentreming bebrayan. Bebrayan kang tanpa tata krama mesthi ora bisa tentrem.
Ngaturake majalah, koran, lan layang diwalik luwih dhisik. Sing nampa banjur bisa maca, ora ndadak malik. Mangkono uga tuladhane liyane. Ngaturaken peso, pukul besi, cethok, pacul, lan barang-barang kang mawa garan, ditata luwih dhisik, sing nampa kepenak, terus bisa nyekel garane. Aja malah garane dicekel dhewe. Sing nampa banjur dadi rekasa nyekel pucu peso, cethok, lan liya-liyane. Kang kasebut kari kuwi jeneng ora nganggo tata krama 

Kapethik saka buku “URIP TENTREM RAHARJA Muatan Lokal Bidang Budaya” karya M.A. Sudi Yatmana

0 comments:

Post a Comment