sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Sunday, January 5, 2014

cerkak Parasku Ngubah Sakabehe

Sliramu Ngowahi Jagat

Wong wadon ayu nduweni kulit sawo mateng sing gampang olih kanca akeh. Jenenge Malina, Malina Aryama. Malina iku putri saka kulawarga sing uripe sederhana. Dheweke pacare Rendi, kanca sakelase. Nanging nembe pirang wulan pacaran banjur putus. Putuse amarga kancane Malina aweh gosip yen Rendi meneng-meneng nembak wong wadon liya. Malina ndongkol atine, mripate mrebes mili.
Nalika ing kelas, pas pelajaran Matematika Rendi weruh pasuryane Malina sing tes nangis. Rendi mbatin kenangapa Malina bisa nangis. Dheweke takon karo kanca cedhake lan ngerti kabeh sebabe Malina nangis. 
“Malina mandheg sedhela, nyong arep njelasna dhisit gosip kuwe.” Rendi cletu.
“Uwis ora prelu dijelasna maning, kabeh uwis jelas. Kanca cedhekku dhewek sing crita nang ngarepku, ora mungkin nglomboni. Pokoke nyong siki njaluk putus!!.” wangsulane Malina sing banyu matane ngebeki pipi.
Dina ganti dina, wulan ganti wulan wong loro mau sing awale mesra dadi meneng-menengan. Rendi mung bisa nyawang kang adoh.
Senajan putuse wis sue ningen Malina esih mikirna Rendi. Malina nutupi perasane terus, Malina bingung piye carane ben bisa balikan. Dadi nduweni akal yaiku ngubah gayane sing maune ora krudungan dadi krudungan, lengen sing ketutup lan nganggo rok dawa. Wiwit Rendi weruh yen Malina krudungan, Rendi malah pengin cepet-cepet ngelamar Malina, Rendi kaget weruh gayane Malina saiki.
            Wektu malem minggu, Bapak lan Ibune Malina arep lunga menyang omahe kaluwargane. Pas malem kuwi, Rendi pengin lunga menyang omahe Malina, dheweke pengin ngajak balikan, nalika nang ndalan saka mburi mobile Rendi ana mobil sing mlayu banter banget. Mobil kuwi nabrak mobile Rendi. Sing nabrak lunga ora tanggungjawab. Mobile Rendi nabrak wit lan Rendi langsung ora sadar, tatune parah mligine nang sirah lan pasuryane amarga kena kaca mobil sing pecah. Rendi digawa menyang Rumah sakit. Pas kedadeyan iku, Malina sing lagi njukut banyu kaget lan gelas sing dicekel dumadakan pecah. Malina pucet lan maras. Malina langsung njukut hp terus telephone wong tuwane.
“Halo, Assalamu’alaikum, Ibu, panjenengan sae-sae kemawon? Ibu.” Kandhane Malina sing gugup.
“Malina kowe kenangapa? Takon kok kaya kesetanenn?” takon Ibune Malina.
“Nyuwun ngapunten bu, Malina maras Ibu kaliyan Bapak wonten napa-napa.” Jawabe Malina.
“Ah, kowe ndo. Ibu, lan Bapak  ora kenang apa-apa. Tenang wae ndo? Wis ndhisik ya ndo Ibu arep ngetok-ngetok omahe budhemu. Assalamu’alaikum.”
“Inggih bu, Wa’alaikumsalam.” Jawabe Malina sing wis Mandan tenang.
Wektu kuwi, Rendi isih nang Rumah Sakit nanging wis eling lan asil Laboratorium nunjuke namung ana tatu cilik nang sirahe Rendi. Nanging sing gawe kaget, dokter sing nangani Rendi weruh yen dheweke nduweni kelainan yaiku penyakit kanker ati.
Rendi wis ngerti penyakit sing ana nang awake, nanging Rendi ngumpetake saka Malina. Seminggu sawise Rendi wis olih bali. Nang dina kuwi Malina nembe ngerti yen Rendi neng rumah sakit amarga ditabrak wektu malem minggu kepungkur. Malina nduweni rasa “apa wektu rasa sing ora enak iku kanggo Rendi? Nanging aku udu apa-apane Rendi, masa aku bisa ngrasake rasa kuwi? Ah iku wis terlalu adoh mikire. Wis lah.” Takone Malina nang njero ati. Nalika Malina nuju rumah sakit, Malina takon marang suster sing ngrawat Rendi,
“Nuwun sewu suster. Kula badhe nyuwun pirsa menapa pasien Rendi taksih dipunrawat wonten rumah sakit menika?” Takon Malina.
            “Nggih wonten mbak nanging sampun kondur, nembe mawon.” Jawabe sustere
Esuke nang kampus, Malina ketemu karo Nurul kancane.
“Lin, kowe wis nduwe pacar maneh?” takone Nurul.
“Eeeem, ora sih Rul, Emang ana apa? Kowe arep nembak aku (ngguyu)?” bales Malina
“Ya ora lah Lin (ngguyu bareng). Aku namung arep ngenalna kowe marang kancaku. Dheweke ngganteng, tur eman. Dheweke kuwi wis suwe seneng kowe nanging ora wani cedhak lan kenal karo kowe amarga dheweke olih kabar yen kowe isih pacaran karo Rendi.”
“Hah? Aku ora pengin jadian karo wong sing durung aku ngerti, Rul? nang atine aku esih ana wong sing isih aku tresnani.” Jawabe Malina
“Rendi? Rendi kuwi wis nglalekake kowe, dheweke wis ora butuh kowe maneh. Wingi aku weruh Rendi nang mall karo wadon cedhak banget. Mula kuwi kowe jadian karo kancaku wae ya? Jenenge Marko.
            “Aaahh? Aku ora bisa njawab apa-apa Rul, ora janji.”
“Oh iya Lin.”
Nalika Malina rampung kuliah, Malina langsung tumuju menyang pesisir, Malina pengin nentremake pikiran. Wektu kuwi saka mburi dumadakan Rendi nyekel pundake Malina.
“ Assalamu’alaikum cah ayu.” Rayuane Rendi.
“Astagfirullah al-adzim. Rendi kok kowe ana nang kene? Karo sapa?”  Takone Malina akeh.
“Aku ngaweh salam kok kowe njawabe malah Astagfirullah al-adzim?”
“Hehe ngapunten.” Jawabe Malina sithik.
“Oh iya, kowe takon aku karo sapa lan ngapa nang kene? Aku arep njawab, aku nang kene arep njaluk balikan karo kowe lan aku menyang kene karo katulusan ati.” Jare Rendi sing mesem.
“Apa? Njaluk balikan karo aku? Ora salah? Kowe kan wis nduwe pacar? Ora usah dolanan atine aku, Ren. Aku lunga kene arep ketemu karo calon pacare aku, Ngerti?” jawabane Malina asal.
“Malina, Aku isih tresna marang kowe, lan wong wadon sing di omongke kuwi Lala. Yaiku wang wadon pilihane wong tuwaku. Nanging aku bener-bener ora tresna menyang dheweke, aku namung pengin kowe.” Jare Rendi kanthi tulus.
“Sing bener?”
“Iya. Sumpah demi penyakite aku. ( rendi lali ngomong yen dheweke nduweni penyakit sing serius).”
“Penyakit? Penyakit apa?”
“Eh, ora Lin, maksude sumpah demi kowe.”
“Bener?”
“Iya.”
            Saka samping ana Marko narik tangane Malina terus ngenalna dhewek. Marko langsung ngomong yen tresna menyang Malina. Rendi melu nyedhaki wong loro kuwi. Wektu kuwi langit keton mendung ora suwe udan.
“Malina, kowe jujur, kowe isih tresna kan menyang aku? yen kowe isih tresna, kowe tolak, jujur Lin?” jare Rendi.
“Rendi, aku pancen tresna menyang kowe, nanging aku arep mbuka ati amarga kowe uga uwis nduweni calon tunangan sing dipilihake wong tuwamu? Aku pancen tresna menyang kowe (karo banyu sing netes ngebeki pipi lan Rendi sinambi ngusap banyu mata kuwi).”
Marko nggawa Malina lunga ninggalake Rendi, nang kono penyakite Rendi kumat lan getih abang metu saka irunge. Malina nylinguk menyang mburi lan weruh getih sing metu. Malina mbalik mlayu nuju Rendi lan ngusap getih kuwi.
“Rendi, kowe kenangapa? Kowe aja ninggalna aku?” Kandhane Malina sinambi nangis.
Rendi banjur digawa bali.
Dina minggu Nurul dolan menyang omahe Marko, Marko katon nlangsa.
“Nurul aku pengin crita menyang kowe?” takone Marko
“Kowe uwis jadian karo Malina?”
“Ora. Malina njaluk wektu kanggo njawab kuwi, Malina kayane ora nduweni rasa apa-apa menyang aku, tresnane namung kanggo Rendi. Pokoke aku kudu nggawe Malina seneng senajan ora karo aku, kabeh kuwi aku lakokake kanggo nyenengake Malina.” Kandhane Marko.
“Loh loh, masa kowe arep ngurbanake perasane kowe kanggo Rendi? jujur ya. Aku terus maksa kowe kanggo jadian karo Malina amarga aku ya seneng karo Rendi, dhewek kudu bisa misahake Malina karo Rendi. Ngerti?”.
 “Nurul, uwis lah, dhewek ora bisa egois, aku ora bisa weruh Malina nlangsa terus amarga dhewek. Aku luwih gelem lara nang batin nanging weruh Malina seneng lan bungah.”
“Emmm, Sing kowe omongake ana benere, nek dhewek seneng lan tresna menyang wong, dhewek kudu bisa weruh wong kuwi seneng. Aku sarujuk karo kowe.” Jawabe Nurul.
Nurul lan Marko ngajek ketemuan Malina lan Marko kanggo ngrembag babagan kuwi. Janjiane kuwi nang pesisir.
“Malina, aku pancen seneng menyang kowe, aku tresna menyang kowe, nanging aku ngerti yen kowe ora bisa nrima aku amarga tresnane kowe namung kanggo Rendi.” Kandhane Marko.
“Iya aku ya njaluk pangapura, amarga sasuwene iki aku maksa-maksa kowe jadian karo Marko, kabeh aku lakokake amarga aku nduweni maksud liya yaiku aku seneng menyang Rendi lan pengin ngrebut Rendi saka kowe Lin, aku njaluk pangapura ya?” kandhane Nurul.
“(Malina lan Rendi namung ora percaya) aku bangga karo kowe.” Kandhane Malina
 “oh iya aku njaluk pangapura menyang kowe Ren, sing nabrak mobile kowe wektu iku aku, amarga aku ora seneng kowe karo Malina nanging aku ora bisa karo kowe.” Kandhane Nurul sinambi madhep ngisor.
“Iya ora papa Rul.”
Nurul nyekeli tangane Rendi, lan Marko nyekeli tangane Malina terus tangan Malina lan Rendi digabungna dadi siji kanggo gegambaran Malina lan Rendi balikan.  
“Oh iya Malina, penyakit aku uwis mari, Lala tabrakan lan mati terus ngaweh atine kanggo aku, saiki aku bisa sehat kaya biyen maneh merga Lala.” Kandhane Rendi.
“Sing bener Ren?” takone Malina karo seneng.
“Iya.” Jawabe Rendi karo manthuk-manthuk.
“Ngesuk aku wisuda, aku pengin kowe neng jejere aku.” Kandhane Malina mantep.
“Pasti sayang.”
Malina karo Rendi bareng salawase.


0 comments:

Post a Comment