sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Saturday, January 4, 2014

sesorah

A. Werdinipun Sesorah
            Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.
B. Jinising Sesorah
1.       Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.
1.       Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi.  Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
1.       Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
1.       Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.
C.  Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6. panutuping atur/salam
D.  TULADHA TANGGAP WACANA LULUS UJIAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Alhamdulillahirobil’alamin, asholatu wassalu’alal asrofil ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.
Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.
Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.
Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika.
Kejawi menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng pangarsa SMA N4 ingkang sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun amrih cekapipun pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenaning  penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi pinwales menapa-menapa.
Bapak-bapak, Ibu-Ibu Guuru, bapak-Ibu Wali Murid sarta para kanca sedaya, woosing atur kula sedaya kelas XII ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas XII ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.
Dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged ngalengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar. Dene ingkang boten nglajeng aken, sageda pikantuk pedamelan laras kaliyan kasagedanipun.
Wondene atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca ruumiyin asring sami nakal, boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering sekolahan, lan sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel runtikipun penggalih. Ingkang menika kula sedaya siswa kelas XII rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sedaya  ngasih-asih nyuwun, mugi-mugi para Bapak/Ibu Guru kersa paring bedhahing tambak samodra pangaksama.
Para Bapak/Ibu Guru, Bapak/Ibu  Wali Murid, sarta para kanca sedaya, mekaten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun!

0 comments:

Post a Comment