sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Thursday, September 1, 2016

UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN

UKARA LAMBA
Yaiku ukara kang medharake gagasan mung siji. Tembung lamba duwe teges wantah utawa ora rangkep.
Tuladhane: 
1. Suminah // ngguyu ngakak.
             J                 W
2. Bocah kuwi //seneng padu.
              J                   W
3. Bapak lan ibu // nembe tindak // dhateng Yogya.
                J                      W                        P
4. Mas Wahya // nukokake // adhiku // sarung bathik
           J                     W               L                 Gg

keterangan:
J : jejer (subjek)
W : wasesa (predikat)
L : lesan (objek)
Gg : (Geganep/pelengkap)
P : Panerang 

UKARA CAMBORAN
Yaiku ukara kang medharake gagasan luwih saka siji, mula disebut uga ukara rangkep.
Ukara camboran kaperang dadi loro yaiku:
a. Ukara camboran sadrajat utawa sajajar
    Yaiku ukara sing klausa-klausa jroning ukara kasebut duwe kalungguhan kang padha.
    Tuladhane :
    1). Mbakyuku kuliyah ing Semarang lan adhiku kuliyah ing Salatiga.
    2). Kowe sing seneng, nanging aku sing senep.
    3). Budiarti iku pinter tur ayu sisan.
    4). Haryati kuwi dudu guru, nanging dhokter puskesmas.
        Ukara camboran sadrajat (sajajar iku biasane digabung dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng utawa tandha koma antarane klausa siji lan sijine.
   Tembung panggandheng kang asring dienggo yaiku lan, sarta, nanging, ning, dene, banjur, terus, utawa, lajeng, tur, saha, malah lan apa.
b. Ukara camboran sungsun (kalimat majemuk bertingkat)
    Yaiku ukara sing klausa-klausane duwe kalungguhan kang ora padha.
    Tuladhane :
    1) Mbak Yuli ora nyambut gawe jalaran lara mriyang.
    2) Suminah ora mlebu sekolah amarga ibune lara.
    3) Dheweke tetep kukuh panemune, sanajan ora dicocogi karo wong akeh.
    4) nalika Dipta teka, Jatmika lagi dolanan komputer.
    5) Bapak mau ngendika yen kowe ora pareng dolan.
Tembung panggandheng ing ukara camboran susun (sungsun) yaiku
sabab, amarga, jalaran, sanadyan, nalika, rikala, yen, menawa, supaya, marang, awit, kanthi, mula, saupama, karo, kaliyan, lan miturut.


sumber : paramasastra gagrag anyar basa Jawa karya Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka 2008

0 comments:

Post a Comment