sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Tuesday, April 26, 2016

PACELATHON

PACELATHON
·   Pacelathon iku tegese guneman sing ditindakake dening wong loro utawa luwih. Sadurunge nindakake pacelathon kudu gawe cengkorongan luwih dhisik sing isine, tema/irah-irahane, sing nindakake, sing arep diomongake saben paraga, ngrakir pacelathon.
·      Basa sing digunakake kudu empan papan/njumbuhake sapa sing guneman lan sapa sing diajak guneman, dadi kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Dene wujude bisa ngoko lan krama
Basa ngoko ana werna loro:
a.      Ngoko Lugu yaiku ragam basa Jawa sing sakabehane digawe nganggo kosakata ngoko.

              Tembung sedaya ngoko +(awalan/akhiran) ngoko 

Basa ngoko lugu utawa ngoko bares digunakake nalika:
·         Kanca padha kanca sing wis raket, akrab.
·         Wong tuwa (bapak/ibu) menyang anak
·         Guru menyang murid-muride   
·         Bapak/ibu (tuan) menyang rewang /abdine.
Tuladha :
a)      Dhek wingi Tono tuku klambi.
b)      Siti numpak sepur.
c)      Aku durung mangan.
d)     Ani wis teka mau.
b.      Ngoko Alus  yaiku ragam basa Jawa sing nggunakake kosakata ngoko ning uga nganggo kosakata krama inggil.

Tembung ngoko + krama inggil + krama andhap


Tembung ngoko alus digunakane kanggo:
·         Guru dengan kepala sekolah sing sepantaran.
·         Kanca sapantaran ning urung raket/akrab.
Tuladhane :
-Pakdhe mengko arep tindak karo sapa?
-Pak Lurah sing anyar iku asmane sapa?
-Dhek wingi Ibu mundhut roti.
-Rikmane ibu wis putih kabeh.

            Basa krama ana werna loro:
a.       Basa Krama Lugu yaiku ragam basa sing sakabehane digawe nganggo kosakata krama.
Krama  + Krama 
 

 Krama lugu digunakake kanggo:
·         Wong sing nembe kenal
·         Dokter menyang pasien
·         Pedagang menyang pembeli
               Tuladhane:
-Sekedhap malih kula kesah dhateng peken.
-Samenika semah kula nyambut damel wonten Kudus.
-Menapa sampeyan nate dipuntilari arta anak kula?

b.      Basa Krama Alus utawa Basa Mudha Krama
Basa krama alus utawa basa mudha krama sing nggunakake yaiku :
·         Anak-anak utawa bocah-bocah menyang wong tuwane (bapak/ibu).
·         Murid utawa tilas murid menyang guru-gurune.
·         Wong enom menyang wong tuwa (tumrap umur-umurane, sing sakira perlu diajeni.
·         Rewang menyang sing diiloni/didhereki (tuan/nyonya rumah), uga menyang anak-anake sing diiloni mau.
Tembung sing digunakake yaiku tembung krama, krama inggil (minangka pakurmatan kanggo tiyang sanes), krama andhap (menawa ana), afiks (awalan lan akhiran krama).

Krama + krama inggil + krama andhap (yen ana) 

Tuladhane:
-Bu Guru, kepareng matur, mangke sonten punapa kula kepareng sowan ing dalem watawis jam 5 sonten?
-Menika wangkingan kagunganipun sinten?
-Bapak gerah sampun tigang dinten menika.
-Jam 4 enjang kalawau, simbah sampun wungu.
-Ibu sampun dhangan saking gerahipun.

TULADHA CRITA WAYANG

LELABUHANE JATHAYU LAN WADYA BALA KETHEK
            Prabu Dasarata duwe kanca sing raket jenenge Jathayu. Jathayu mau minangka rajaning manuk. Jathayu iku sing meruhi nalika Sinta utawa putri mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana. Jathayu banjur enggal ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Nanging Jathayu kalah kuwat, mula Jathayu kalah, swiwine tugel sengkleh, wulune dibrodholi, ditendhang nganti kejet-kejet. Rahwana saya cepet lakune anggone nggodhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan awake krasa lara, satemene pengin uwal nanging sansaya kenceng sikepane Rahwana. Wusanane amung bisa nangis melas asih njaluk tulung ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk mentul, gelang , kalung padha tiba kocar-kacir.
            Tumeka Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang edi peni, mawarna-warna mas inten barleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes. Rahwana nyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Sinta crita manawa ora kepencut nanging tetep setya marang Rama. Krungu kandhane Sinta, Rahwana muntab lan ngincim marang Sinta yen ora manut bakal dipateni, nanging Sinta tetep teteg atine ora wedi mati.
            Ana ing tengahing alas Dhandhaka, Rama anggone ngoyak kidang ora bisa kecekel. Rama lan Lesmana banjur bali nglenthung ora oleh gawe. Iba kagete bareng wis tekan papan dununge Sinta wis ora ana. Digoleki, diceluki ora ana wangsulan. Rama saya kaged bareng nemu cundhuk mentul sing pating pececer, ing pangira Sinta mesthi dicolong. Rama nesu jagad saisine bakal dijungkir walik, angin bakal diendheg, segara kali bakal disat banyune, wit-witane bakal dibedhol. Tujune Lesmana bisa ngreripih lan nglipur dadi lilih. Kekarone banjur nerusake laku nggoleki ilange Sinta.
            Tumeka ana ing panggonane Jathayu, Jathayu menggeh-menggeh lan megap-megap kaya meh mati nanging isih bisa nyritakake lelakone lan menehi weruh menyang endi parane Rahwana sing nyolong Sinta, durung nganti rampung Jathayu tumekaning pati. Jalaran wis ora bisa ketulungan mula Jathayu banjur kaobong dening Rama, keluke geni kumebul menyang langit sing arahe tumuju menyang negara Alengka lan keprungu swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Ora watara suwe kekarone banjur padha budhal, sajrone ati ora leren-leren anggone ngalembana marang lelabuhane Jathayu.
            Ing tengah dalan Rama lan Lesmana nampa pamrayoga saka pawongan, supaya njaluk tulung marang wadya bala kethek supaya bisa ngluwari Sinta saka regemaning musuh. Kaleksanan temenan Rama lan Lesmana ketemu karo Sugriwa. Eman Sugriwa lagi susah jalaran duwe sedulur tuwa aran Subali  sing srakah kepengin nguwasani negara saisine. Rama gelem nulungi Sugriwa nyingkirake Subali, semono uga Sugriwa gelem mbantu Rama mboyong Sinta saka regemaning Rahwana.
            Sabanjure Sugriwa klakon perang karo Subali, Rama ragu-ragu arep nglepasake panah amarga Sugriwa lan Subali iku mirip banget ora ana bedane. Sugriwa banjur ditengeri gegodhongan amrih ana bedane. Wusanane Subali kena panahe Rama nganti tumeka pati, dene Sugriwa banjur madeg ratu ana ing negara Kiskendha, dene Anggada winisuda dadi pangeran pati.
            Ana ing negara Kiskendha ana kethek sing sekti mandraguna, wicaksana, lan trampil trengginas. Dhasar tandang tanduke andhap asor, kethek mau jenenge Anoman. Anoman dipercaya ngaruhake kahanane Sinta didherekake bala wanara. Akeh godha sing diadhepi nalika nindakake ayahan mau.  Ing tengahing laku Anoman ketemu karo Sampati, Sampati iku adhine Jathayu. Bareng wis ngerti karepe Anoman Sampati menehi weruh ancer-ancer tumuju negara Alengka.
            Anoman lan wadya bala kethek padha mandheg sapinggire segara sing jembar ngilak-ilak tanpa wates. Sawise padha rembugan sapa sing bisa nglumpati segara iku sing dipercaya nglari Sinta. Sing saguh amung Anoman patang dina patang bengi anoman ngambah akasa. Tekan Alengka Anoman malih rupa dadi kucing lan bisa mlebu ing taman Soka ora konangan. Wusana bisa ketemu karo Sinta.

Tembung-tembung sing angel


Raket               =  akrab          
Minangka        = sebagai        
sengkleh          = arep sempal/tugel
kejet-kejet       = arep mati                 
satemene         = sejatine 
uwal                = ucul             
sansaya            = tambah/semakin
Wusanane        = pungkasan = akhirnya
melas asih        = mesakake    
muntab             = nesu
Teteg               = kekeh/ kuwat karep 
bali nglenthung=ora entuk     
Iba                   = alangkah
Diceluki           = diundang       
Pececer            = sumebar       
Parane             = arahe                         
Pituduh           = wewarah
Budhal             = mangkat      
Ngalembana    = menyanjung
Lelabuhane      = jasane
Pamrayoga      = saran            
Ngluwari         = nguculi                      
regemaning      = panguwasane
Kaleksanan      = kelakon
Ditengeri         = ditandhani               
amrih               = supaya
Wanar              = kethek                     
Ayahan            = tugas                       
ancer-ancer      = paugeran/petunjuk
Saguh              = gelem          
ngambah akasa= ngliwati langit         

konangan         = diweruhi

Panambang (akhiran) bahasa Jawa

PANAMBANG

-Panambang yaiku wuwuhan sing ana saburine tembung lingga, lan panulisane digandheng karo linggane.
-Tuladha panambang yaiku; -a, -an, -ana, -ake, -aken, -i, -ipun, -e, -en,-na, -ke, -ne, -ku, -mu
-Tuladha panganggone panambang ana ing tembung:
·         Panambang (-a)          = tangia (bangunlah) → tangi + (-a)
·         Panambang (-an)        = tanduran (tanaman) → tandur + (-an)
·         Panambang (-ana)      = resikana (bersihkanlah) → resik + (-ana)
·         Panambang (-ake)      = jupukake (ambilkan) → jupuk + (-ake)
·         Panambang (-aken)    = damelaken (buatkan) → damel + (-aken)
·         Panambang (-i)           = ajari (mengajari) → ngajar + (-i)
·         Panambang (-ipun)     = cariyosipun (ceritanya) → cariyos + (-ipun)
·         Panambang (-e)          = omahe (rumahnya) → omah + (-e). Lsp.

v Tegese panambang -a/-ana yaiku
Ø  Akon               (Yen luwe mangana!)
Ø  Upama             (Mangana dhek mau saiki durung luwe)
Ø  Sanajan            (Mangana mung sithik apa wareg)
Ø  Mokal              ( Mangana maneh gelema, tangi bae ora gelem)
Ø  Muga-muga     (Adhiku mangana sing akeh ya ben cepet gedhe)

v Tegese panambang -na yaiku
Ø  Akon               (Tutupna jendhela kae supaya ora adhem!

v Tegese panambang -e/-ne yaiku  nuduhake pandarbe tumrap wong kaping telu (orang ketiga), tuladhane:
Iki omahe Sasmita, tukune wis sepuluh taun kepungkur.

v Tegese panambang -ake yaiku  nindakake pakaryan kangggo wong liya, tuladhane :
Adhiku digawekake dolanan saka kayu.