sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Thursday, August 8, 2019

TEMBANG MACAPAT POCUNG TEMA PENDIDIKAN

TEMBANG MACAPAT POCUNG KARYA SMK NEGERI 1 PURWOKERTO


Murid iku kudu nglakoni sinau
aja dadi beban
supaya dadi wong becik
lan kasembadan kabehan cita-cita.

Esuk sore sun sekolah nggolet ngelmu
kanggo kapinteran
mbeneri budi pakerti
muga-muga uripe dadia mulya.

Bocah-bocah ayo padha nggoleh ngelmu
kanggo masa depan
ben uripe luwih becik
gawe bangga wong tuwa lan kulawarga.

Ayo kanca bebarengan nggolet ngelmu
marang sekolahan
sinaune dilakoni
yen wis bisa njur maraih kanca-kanca.

Kawit ganu kaki nini nggoleh ngelmu
ben ora rekasa
lan ra dadi tukang ngarit
muga dadi tuladha para pemudha.

Saben dina ingsun kudu tangi gasik
mangkat neng sekolah
nggolet ngelmu kanthi becik
supaya bisa mujudna cita-cita.

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA TEMBANG MACAPAT KINANTHI


RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1
PASINAON 1 TEMBANG MACAPAT KINANTHI

Tandha-tandhane tembang macapat yaiku nganggo pathokan/paugeran : guru wilangan, guru lagu, guru gatra lan pada, basane nganggo basa Jawa anyar, bisa mandheg dhewek tanpa diiringi gendhing. Gunane tembang macapat yaiku kanggo kasustran jaman siki, kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing, kanggo lagu ketoprak lan wayang wong, kanggo ngarang kapustakan Jawi, kanggo parikan lan dhagelan. Jenising tembang macapat ana 11 yaiku maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, asmarandhana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung
Miturut maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa sing wis mbangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem kari keluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya sakabehe tumindak bener adoh saka sing ora bener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang para putrane.
            Watake tembang Kinanthi sarwa seneng, bungah, asih, gumolong (mupakat). Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur lan rasa tresna asih. Serat wedhatama ing tembang Kinanthi ngajarake tuntunan moral supaya ngolah lantiping rasa lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa sing berbudi luhur.

Tuladha tembang Kinanthi pada 1

 

5          6          6          6          6          1          2          2
Mang-  ka        kan-     thi-       ning     tu-      mu-      wuh
2          1          1          1          2          54        5          6
Sa-       la-        mi        mung   a-        was      e-         ling
5          6          1          1          1          1          12        1
E-        ling      lu-        ki-        ta-        ning     a-         lam
6          5          5          5          6          4          2          1

Da-      di         wir-      ya-       ning     du-       ma-      di
1          2          4          5          5          5          5          5
Su-       pa-       di-        nir        ing       sang-    sa-        ya
4          4          4          4          45        42        4          5
Ye-      ku        pa-       ngrek-  sa-        ning     u-         rip



Mangka : dadi, kanthining : kanthi (kinanthi), tumuwuh : thukul, salami : sasuwene, awas : waspada, lukitaning : pratanda, wiryaning : kakuwatan, supadi : supaya, nir : ilang/ucul/ora ana, sangsaya : kasengsaran, yeku : yaiku, pangreksaning : ngopeni

“Dadi kanggo sanguning urip, selawase kudu awas lan eling, eling marang pertandaning urip, dadi kekuwatane urip, supaya adoh saka sangsara, yaiku cara ngopeni urip

“Padahal bekal hidup, selamanya waspada dan ingat, ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini, menjadi kekuatan hidup, supaya lepas dari sengsara. Itulah memelihara hidup”



Tembang Kinanthi pada 2
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
Marma : mulane, den : di, taberi : tekun, kulup : anak, angulah :ngolah, lantiping : pintere/tajeme, rina : awan, anedya : ngupaya/usaha, pandak-panduk : tindak-tanduk, bengkas : ngilangake, kahardaning : hawa nepsu, driya :ati/pribadhi, supadya : supaya, dadya : dadi, utami : utama
“mula sregepa anakku, sinau netepi ati, awan wengi diupayakna, mlebu sajroning ati, ngilangake hawa nepsu ing dhiri, supay dadi wong sing utama

“maka rajinlah anak-anakku, belajar menajamkan hati, siang malam berusaha, merasuk ke dalam sanubari, melenyapkan nafsu pribadi, agar menjadi (manusia) utama”