A. GEGURITAN
Puisi Jawa sing biasa
diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1. Puisi Jawa
Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut
lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa
Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud
tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a)
Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat
yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom,
lan Dandhanggula.
b) Puisi tembang tengahan
(tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan
yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c) Puisi tembang gedhe
(kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku
Girisa
1.
Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu
puisi jawa sing isih anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki
durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih
golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake
ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing
kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing
Surabaya), Jaya Baya(September
1945 ing Kediri), Panji
Pustaka (1923 ing
Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha
berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran
Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar
ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning
revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane,
yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto
Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa
liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper
lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya
nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki
dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat.
Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu.
Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka
iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.
B. Unsur-Unsur Batin
Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana
sajroning geguritan diarani unsur
batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan.
·
Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi
dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral,
politik, agama, individu, lan sapiturute.
·
Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana
sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake
rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu
rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng,
kangen, gumun, lan sapiturute.
·
Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan.
Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
·
Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos
sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana
batin pamaos geguritan.
·
Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake
penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca
ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
C. Struktur Lahir
Geguritan
Kang sinebut struktur lahir
geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing
tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab
kang kalebustruktur lahir geguritan.
·
Pinilihing tembung
Pinilihing tembung uga diarani
diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges
konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing
tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
·
Majas
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas
utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan.
·
Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining
geguritan.
·
tipografi
tipografi kuwi larik-larik
utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang
mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
DONYA WIS
LUNGSE
Rini T Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayang-ayang
Ndeder kang bisa dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Lumaku tanpa papan katuju
Apa sejatine ngaurip
Yen ta sakeh daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dadi liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa ……….
Sansaya kangelan maca
tandha-tandha jaman
Segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lungse
Kari ngenteni
Tancep kayone
Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006
Ana ing geguritan ndhuwur
nyritakake menawa kahanan donya kuwi wis tuwa kaya ana ing/ irah-irahane “Donya
wis lungse” lan ana padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis
watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (nganggo basa
gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse,
kari ngenteni tamate/tancep kayon).
Kudune yen donyanewislungse / tuwa
kuwi saya nggenah lan becik sing ditindakake dening umat manungsa. Saya cetha
nglegewa tujuane wong urip. Nanging nyatane, ana malah akeh wong pawongan kang
bingung ngluri tujuane urip. Donya ora saya jenjem, nanging umyeg kaya pasar.
0 comments:
Post a Comment