sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Sunday, December 15, 2019

Teks Pranatacara Bahasa Jawa Karang Taruna

(ADICARA KARANG TARUNA)

Assalaamu’alaikum WR.WB
Ingkang kula urmati panjenenganipun Ketua Karang TARUNA Tunas Harapan Sub Unit Cilongok 1, saha para pengurusipun.
Ingkang kawula urmati Pembina/pembimbing Karang Taruna Sub Unit Cilongok 1
Ingkang kawula urmati ugi Mas/ Mbak ….. selaku Shokhibul Baid saha para mudha-mudhi anggota Karang Taruna Tunas Harapan ingkang kawula tresnani.
Saderengipun sumangga kita ngaturaken raos puji saha syukur kita dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kula panjenengan  sedaya. Sahingga kita sedaya saged  rawuh saha makempal wonten ing kempalan rutin Karang Taruna Tunas Harapan Sub Unit Cilongok 1 menika, kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal menapa. Mboten kesupen Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah. Amin
Saderengipun acara kawiwitan, keparenga kula ndherekaken lampahing adicara pepanggihan wonten ing siyang menika, lan saklajengipun kula badhe maosakaen menggah urut reruncening adicara ing wekdal menika:
1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika PAMBUKA.
2.    Kaping kalihipun SAMBUTAN:
-          Sambutan setunggal saking Ketua Karang Taruna
-          Sambutan kalih saking Pembina Karang Taruna
-          Lan sambutan ke-tiga inggih menika saking Shohibul baid
3.    Adicara ingkang Kaping Tiga acara INTI, inggih menika musyawarah
4.    Adicara kaping sekawan inggih menika LAIN-LAIN/ LAPORAN Bendahara lan Sekertaris
5.    Saha adicara ingkang kaping gangsal inggih menika PANUTUP,
Para lenggah sedaya ingkang winantu suka basuki mengeti wekdal sampun siyang, mangga adicara ing siyang menika kita bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kula dherekaken BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM
Ndungkap adicara sak lajengipun nun inggih Sambutan. Sambutan ingkang kaping setunggal nuninggih sambutan saking Ketua Karang Taruna ingkang bade kaslirani, dhumateng panjenenganipun …………… kula sumanggakaken.
Sambutan ingkang kaping kalih nuninggih saking Pembina Karang Taruna. Dhumateng …… wekdal lan panggenan kula sumanggakaken. Matur nuwun.
Sambutan ingkang saklajengipun nuninggih saking ….. , sumanggakaken. Matur nuwun
Adicara salajengipun inggih menika acara INTI Musyawarah dhumateng Mas/Mbak ….. kasuwun mimpin acara inti ing wekdal siyang menika. Sumangga.
“Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Mas/Mbak …… ingkang sampun mimpin acara Musyawarah.
Lumampah adicara sak lajengipun nuninggh adicara ingkang kaping sekawan. Adicara ingkang kaping sekawan nuninggih LAIN-LAIN utawi Laporan saking bendahara saha sekertaris Karang Taruna, dhumateng panjenenganipun …………. sumanggakaken.
Adicara ingkang pungkasan  inggih menika panutup. Ananging saderengipun adicara dipuntutup kulo badhe ngumumaken pertemuan ingkang saklajenipun wonten ing dalemipun Mas/Mbaak…. RT……
Saha kula minangka pranata adicara wonten mriki menawi  anggen kula ndherekaken lumampahing adicara menika kathah kekiranganipun saha lepat lan tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya  kula nyuwun  agunging samudra pangaksami. Matur nuwun. Mangga adicara menika tinutup kanthi waosan HAMDALAH  sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Sumber : http://rahayuris.blogspot.com/2016/05/teks-pranatacara-pembawa-acara-dalam.html kanthi owahan

0 comments:

Post a Comment