sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Sunday, October 27, 2013



Bapak

Rina wengi ora dirasa
Kesel awak kesel pikiran
Saben dina makarya
Kanggo anake kareben ora rekasa
Jam siji jam loro pajar lagi bali
Sepedha tuwa kanthi setia ngancani
Tan mikir resiko lelarane awak
kang dadi panyangga mung anak-anake
Kang dbisa dadi semangate
Supaya ora gawe rekasa anak

Sunday, October 6, 2013



Memitran

Rana-rene bebarengan
awan bengi tansah rumaket
Kaya mimi lan mintuna
Ora kena dipisah
Yen ana mimi mesthi ana mintuna
Yen ana mintuna mesthi ana mimi
Saben dina sangsaya rumaket
Kaya tan ana gela
Nadyan iku mung sandiwara