sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Thursday, November 14, 2013

ESAI

Nggawe Basa Jawa dadi Pelajaran Favorit ning Sekolah



Ning negara Indonesia khususe propinsi Jawa Tengah, tiap-tiap sekolah saka SD nganti SMA mesthi ana pelajaran Basa Jawa. Basa Jawa salah siji basa daerah sing ndue kedudukan duwur dibanding basa-basa daerah liyane. Senajan wiwit SD wis ana Pelajaran Basa Jawa tapi bocah-bocah saiki ora terlalu mentingna pelajaran iku merga dianggep pelajaran sing angel ditampa bocah-bocah, memang Basa Jawa iku ndueni aturan-aturan sing angel dipelajari, terlalu rumit kanggo bocah sing ora gelem sinau lan para masyarakat uga nyepeleke pelajaran iku nanging masyarakat uga nyatane ora bisa pelajaran Basa Jawa
sahengga bocah-bocah uga ora nggagas. Hal iku dadi  masalah ning Indonesia sing kudu digolet solusine amargi Basa Jawa kalebu budaya Indonesia sing kudu dilestariake, sapa maning sing arep nglestariake nek udu dewek.
Basa Jawa sedurung ndadiake pelajaran favorit, menejemen sekolah uga kudu mbantu. Basa Jawa bisa dadi pelajaran favorit kanggo cara-cara sing apik kaya :
1.      Nanem pikiran positif marang bocah-bocah bisa ning keluarga utawa ning sekolahan, ngaweh informasi Basa Jawa iku pelajaran sing nyenengake kanthi cara cerita bahwa wong-wong luar negri malah gelem sinau Basa Jawa sing dudu basane dewek.
2.      Guru-guru kudu nggawe suasana sing nyenengake wektu pelajaran Basa Jawa, kanthi cara :
Ø  diselingi rekreasi marang monumen utawa sing ana sejaraeh kalian Budaya Jawa.
Ø  guru uga kudu gawe supaya pelajaran iku cepet dipahami bocah-bocah, wektu pelajaran kanggo lomba utawa dolanan.
3.      Guru kudu sabar wektu njelasna pelajaran sing memang angel dingerteni bocah-bocah.


0 comments:

Post a Comment