sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Monday, December 16, 2019

SOAL PAS BAHASA JAWA KELAS XII (12) SEMESTER GASAL



A.      Wangsulana pitakonan-pitakonan ngisor iki kanthi menehi tandha X ana ing huruf A, B, C, D utawa E ing wangsulan kang bener!

Gatosake tembang macapat iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4!

1.    Wajibe siswa puniku,
ngudi ilmu kanthi esthi
angel yen durung dicoba
mula becik den titeni
susah seneng den rasakna
kabeh iku bekal urip
Tembang macapat pupuh Kinanthi ing nduwur nduweni tema ....
A.    lingkungan
B.     pendidikan
C.     sosial
D.    ekonomi
E.     agama

2.    Tembung-tembung sing kacethak miring ing teks tembang ndhuwur, guru lagu lan guru wilangane yaiku ....
A.    7a
B.     8a
C.     8i
D.    8u
E.     9i

3.    Paugeran tembang macapat pupuh Kinanthi ing ndhuwur yaiku ....
A.    8a, 8i, 8u, 8i, 8u, 8i
B.     8u, 8a, 8i, 8u, 8a, 8i
C.     8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a
D.    8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
E.     8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i

4.    Saka tembung-tembung teks Kinanthi ndhuwur nduweni watak ....
A.    pendhidhikan lan tresna asih
B.     pejuang lan priatin
C.     melas lan nglara ati
D.    bungah lan nelangsa
E.     priatin lan gecul


5.    Gatekake tembang macapat iki !
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami

Tembung “rina” ing tembang ndhuwur tegese ....
A.    amarga
B.     anak
C.     awan
D.    pinter
E.     tekun

6.    Piwulang luhur saka tembang ndhuwur yakuwe piwulang babagan ....
A.    kapitayan marang Gusti
B.     kawicaksanan sajroning sambang srawung
C.     jiwa satriya
D.    upayane manungsa sajroning urip
E.     tata cara ngurmati sasamaning urip

7.    Cacahing tembang macapat saben salagu, sekang wiwitan/awal nganti tekan rampung diarani ....
A.    pada
B.     guru gatra
C.     guru wilangan
D.    guru lagu
E.     pupuh

8.    Geguritan utawa guritan dumadi saka tembung lingga gurit sing tegese ....
A.      tulisan
B.       ngarang
C.       nembangake
D.      kidung
E.       nggawe

Gatekake pethilan geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9-10!

9.              Pahlawanku
Pahlawanku
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Lelewaning basa/gaya bahasa saka pethilan teks geguritan kasebut yakuwe ....
A.  ironi
B.  personifikasi
C.  metafora
D.  hiperbola
E.   repetisi
               

10.    “Wutahing ludiramu”
Tembung ludira tegese ....
A.  pikir
B.  getih
C.  tanggung jawab
D.  semangat
E.   kekarepan

11.              Ing ngisor iki sing kalebu unsur instrinsik geguritan yaiku ....
A.    purwakanthi
B.     biografi
C.     nilai luhur
D.    kahanan panulis
E.     tema/liding crita

12.    Gatekake pethilan geguritan ing ngisor kanggo mangsuli pitakonan nomer 12-13!
                             Eling
                  Dening : Joko H
Heh . . . manungsa!
Apa sira ora krasa yen bantala wis tuwa
Apa sira ora mikir yen jamane wis akhir
Heh . . . manungsa!
Sira kudu eling yen mengko wis mati
Diadusi banjur kinubur ing siti
Sepen tanpa kanca, peteng tanpa surya
Bandha datan guna, arta ora digawa
Pisah kulawarga, tinilar kadang mitra
Namung amal, iman, taqwa
Kanggo ngadhep kang Mahakuwasa
Saka geguritan kasebut nduweni nilai ....
A.    sosial
B.     budaya
C.     religius
D.    pendhidhikan
E.  ekonomi

13.    Piweling sae saka geguritan kasebut yakuwe kudu kemutan bilih ....
A.    kedah tumindak sae sarta ngempalaken bandha ingkang kathah supados boten telas pitung turunan
B.     ingkang sae menika ngempalaken bandha kemawon, sanesipun saged kalampahan piyambak.
C.     ingkang dipunbekta boten namung amal kesaenan, nanging bandha ugi dipunbekta.
D.    gesang ing alam donya namung sekedhap, mila kedah mboten setiti.
E.     gesang ing alam donya namung amal kesaenan ingkang dados kautaman lan kangge sangu samangke ing akherat.

14.    Ing ngisor kiye kalebu ciri-ciri paragraf deskripsi, kajaba ....
A.       aweh gegambaran sawijining barang, panggonan lan swasana
B.       njelasna siji definisi kanthi tarwaca thok
C.       gegambaran dilakokna kanthi migunakna panca indra
D.       nduweni ancas/tujuan supaya sing maca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dideskripsikna dening panulis
E.        aweh panjelasan ngenani sawijining objek sing dideskripsikna, bisa awujud warna, ukuran, sipat, lan liya-liyane.

15.    Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!
1)      Surjan awujud klambi lengen dawa digawe saka kain kang tipis lan lemes sarta nduweni motif lurik utawa kembangan.
2)      Surjan minangka salah sawijining busana adat Jawa sing dinggo neng wong lanang.
3)      Surjan nduweni titikan mligi yakuwe iker-iker/krah ngadeg kang ana benike telung pasang (cacahe enem).
4)      Benik sepasang (cacahe 2) ing perangan dhadha, lan benik cacah papat ing perangan weteng sing ora keton utawa didelengake.
5)      Seliyane surjan esih akeh maning busana adat sing ana ing tanah Jawa.
Urutanipun ukara-ukara ing inggil dupados dados paragraf deskripsi inggih menika ....
A.  1-3-4-5-2
B.  2-1-3-4-5
C.  3-4-5-2-1
D.  4-5-3-1-2
E.   5-4-3-2-1

16.    Kain dawa kang digubetna ing weteng kanggo njiret jarik supaya kuat lan ora ucul diarani ....
A.  selop
B.  slendhang
C.  stagen
D.  kemben
E.   kebaya

17.    Busana adat Jawa putri kang nduweni pralambang wanita Jawa sing alus tumindake uga manut dhawuh tiyang sepuh lan uga garwane katujokaken ing busana ....
A.    kemben
B.     jarik
C.     kebaya
D.    stagen
E.  slendhang

18.    Gambar iki diarani ....
A.    kuluk kanigaran
B.     beskap
C.     surjan
D.    selop
E.     cundhuk menthul

19.    Gambar ing ngisor iki  nuduhake busana adat penganten daerah ....
Text Box:
 


A.    Jawa Tengah
B.     Jawa Barat
C.     Jawa Timur
D.    Banten
E.     Jakarta


20.    Busana adat Jawa sing panggonane ing mustaka kaya gambar ngisor iki diarani ....
 

A.    Kuluk kanigaran
B.     Blangkon
C.     Cundhuk menthul
D.    Gelung tekuk
E.     Epek timang


21.    Adedhasar jenise, paragraf bisa diperang dadi lima yakuwe deskripsi, argumentasi, persuasi, eksposisi lan narasi. Lan unggal paragraf mau uga dhuweni ancas/tujuan sing beda-beda, antara sijine karo liyane. Neng ngisor kiye ancas/tujuan digawene paragraf eksposisi, yakuwe ....
A.    supaya wong sing maca kaya ngalami dhewek prastawa utawa kedadeyan sing dialami dening tokoh neng sajroning cerita.
B.     sing maca gelem nglakoni utawa nindakaken apa sing dikarepaken utawa ditulis dening pengarang.
C.     nambah wiyar wawasan utawa pengetahuane sing maca, sing maune ora ngerti dadi ngerti lan sing maune ora paham dadi paham.
D.    supaya wong sing maca bisa percaya lan yakin karo apa sing dadi panemune si penulis.
E.     wong sing maca bisa kaya-kaya weruh dhewek objek uatwa barang sing digambarake dening penulis, senajan wong kuwe mau urung pernah weruh objek utawa barang sing digambaraken mau.

22.    Gatekaken foto salah sijining piranti gamelan neng ngisor!
Description: Description: Description: Description: Description: Description: Description: http://media3.picsearch.com/is?rrD5WCJppzs1dH8T3RZsRU4ttrIFOmCs90kkIElni3c&height=240
 
 






Piranti gamelan neng dhuwur, menawa dimainaken kanthi cara ....
A.  dithuthuk
B.   dikeplak
C.   disebul
D.  digesek
E.   dipetik

23.    Gatekaken foto salah sijining piranti gamelan neng ngisor!





Piranti gaemalan neng dhuwur, diarani ....
A.       kendhang
B.       gambang
C.       demung
D.       saron
E.        gender

24.    Wong sing nembang banjur diiringi musik gamelan diarani wiraswara/swarawati, lha wong sing nabuh gamelan diarani ....
A.       sinden
B.       dalang
C.       lengger
D.       nayaga
E.        wayangan

25.    Gatekaken data-data neng ngisor!
a.       Ayo nabung
b.      Kasil penelitian
c.       Candi Borobudur
d.      Cerita pengalaman
e.       Resep sinau sing efektif
f.       Dolan menyang Curug Cipendok
Adedhasar data-data neng dhuwur, sing bisa dikembangaken dadi paragraf eksposisi yaiku ....
A.       a lan c
B.       b lan d
C.       c lan e
D.       a lan d
E.        b lan e

26.    Suling kuwe salah siji piranti musik tradisional gamelan Jawa sing digawe sekang pring, dawane udakara setengah meter. Piranti musik kiye dimainake kanthi cara disebul utawa didamu. Swara suling dikasilaken sekang rongga angin sing digeteraken lewat sebulan utawa damuan angin. Fungsine kanggo nambah swara-swara neng melodi. Neng piranti musik gamelan Jawa, suling kuwe duwe 2 laras, yakuwe slendro lan pelog. Suling slendro nduwe patang bageyan sing bolong, lan suling pelog ndhuweni bolongan lima.
Paragraf nang dhuwur kalebu paragraf eksposisi pola pengembangan ….
A.       definisi
B.       proses
C.       klasifikasi
D.       ilustrasi
E.        perbandingan

27.    Sinta         : “. . . .”
Bu Desi    : “Ana, arep kanggo acara apa Ibumu ngampil buku Tuntunan Sesorah?”
Pitakenan ingkang trep kangge nggenepi pacelathon ing nginggil inggih menika ...
A.       Kula dipunutus ibu tumbas buku Tuntunan Sesorah, menapa wonten?
B.       Kula dipunkengken ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa gadhah?
C.       Kula dipunkengken ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa wonten?
D.       Kula diutus ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa leres?
E.        Kula dipunutus ibu ngampil buku Tuntunan Sesorah, menapa kagungan?

28.    Ing ngandhap menika  kalebet patrap ingkang sae nalika matur dhateng tiyang ingkang langkung sepuh, kajawi....
A.       ngangge basa ingkang trep kaliyan unggah-ungguh
B.       swantenipun boten seru nanging jelas
C.       mripatipun mentheleng
D.       ngangge trapsila lan sopan santun
E.        matur ngangge basa ingkang sae
29.    Teng satunggaling dinten Bapak Slamet kaliyan garwanipun badhe tindhak dhateng peken. Teng tengah margi kepanggih kaliyan Mas Anto tangga tepalihipun ingkang saniki sampun dados Polisi. Ngendhikanipun Bapak Slamet kaliyan garwanipun dhumateng mas Anto saenipun ngginakaken basa ....
A.       krama lugu
B.       krama alus
C.       krama inggil
D.       ngoko lugu
E.        ngoko alus

30.    Gatekna ukara neng ngisor kiye!
Sampeyan purun nedhi sekul goreng mas?
Ukara neng ndhuwur nganggo basa ....
A.       ngoko lugu
B.       ngoko alus
C.       krama lugu
D.       krama alus
E.        krama inggil

31.    Bapak . . . handphone awis nanging sampun ical teng margi.
Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ....
A.    kersa
B.     dhahar
C.     kagungan
D.    gadhah
E.     remen

32.    Tembung-tembung neng basa Jawa bisa diperang dadi telu, yakuwe tembung ngoko, krama lugu/madya lan krama inggil. Neng ngisor kiye sing kalebu tembung krama lugu/madya yakuwe ....
A.       dhahar, wangsul, tindhak
B.       adus, gerak ngasta
C.       tilem, ningali, nedha
D.       tangi, ngunjuk, kondur
E.        mundhut, nedha, mriksani

33.    Gatekaken ukara neng ngisor kiye!
“Ibu Darsini lunga pasar tuku jeruk, lenga, lan endhog”.
Menawa ukara neng ndhuwur disalin nganggo basa krama alus yakuwe ....
A.       Ibu Darsini tindhak pasar mundhut jeruk, lenga, lan endhog
B.       Ibu Darsini kesah pasar tumbas jeruk, lenga kalian endhog
C.       Ibu Darsini tindhak peken mundhut jeram, lisah kalian tigan
D.       Ibu Darsini kesah peken tumbas jeram, lisah kalian endhog
E.        Ibu Darsini bidhal peken tumbas jeram, lisah lan tigan

34.    Aksara sandhangan swara menika cacahipun wonten ....
A.       tiga
B.       sekawan
C.       gangsal
D.       nem
E.        pitu

35.    Aksara Jawa (nglegena) cacahipun wonten ....
A.       kalih dasa
B.       selikur
C.       kalih likur
D.       tiga likur
E.        sekawan likur
36.    Aksara rekan fa/va hurufe ....
A.       f+
B.       j+
C.       p+
D.       g+
E.        k+
37.    ?[ko[sokBli[nawn\ .....
Tetembungan ingkang trep kangge njangkepi ukara ing nginggil inggih menika....
A.       aisuk\
B.       wezi
C.       [so[r
D.       auputHuput\
E.        li=si/
38.    “Tumrape wong Jawa”, menawika serat ngangge aksara Jawa inggih menika ....
A.       ?tum][pP[w=ojw.
B.       ?tumR[pP[w=ojw.
C.       ?tumr[p[w=ojw.
D.       ?tum][p[w=ojw.
E.        ?tumR[p[w=ojw.
39.    Gatekaken ukara sing nganggo aksara Jawa neng ngisor!
?p+rif[mluO/gnissikr=trunkwitW|ln¿Ap]il¿.
Ukara neng dhuwur menawa disalin nganggo aksara Latin yakuwe ....
A.    Parida melu organisasi karang taruna mulai wulan April.
B.     Farida melu organisasi karang taruna mulai sasi April.
C.     Parida melu organisasi karang taruna kawit wulan April.
D.    Farida melu organisasi karang taruna kawit wulan April.
E.     Parida melu organisasi karang taruna kawit sasi April.

40.    Tatag ngadhepi kanyatan. Menawi diserat ngangge aksara Jawa inggih menika....
A.       ?ttg\nGdepikvtn\
B.       ?ttgZfepikvtn\
C.       ?ttg\zdepikvtn\
D.       ?ttgZdepPikvtn\
E.        ?ttgZdepikvtn\

B. Wangsulana pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kanthi patitis!

41.    Gatekake tembang Kinanthi iki!
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Jlentrehake piwulang luhur saka tembang ndhuwur kanthi jangkep!

42.    Apa bedane geguritan gagrag lawas karo gagrag anyar? Jlentrehna!

43.    Jlentrehake apa sing dimaksud paragraf deskripsi lan apa tujuan nggawe paragraf deskripsi!

44.    Ukara ngandhap menika taksih kirang trep kaliyan unggah-ungguhing basa, owahana dados ukara ingkang leres!
a. Saben enjang kula wungu jam tengah gangsal lajeng siram.
b. Kanca kula boten tindak sekolah, amargi saweg gerah.

45.    Owahana aksara Jawa iki dadi aksara Latin!
?I/lnDiympnHi=brtLaut\E[rop.