LELABUHANE JATHAYU LAN
WADYA BALA KETHEK
Prabu Dasarata duwe
kanca sing raket jenenge Jathayu. Jathayu mau minangka rajaning manuk. Jathayu iku sing meruhi nalika Sinta
utawa putri mantune Prabu Dasarata dicolong Rahwana. Jathayu banjur enggal ngrebut
Sinta saka regemaning Rahwana. Nanging Jathayu kalah kuwat, mula Jathayu kalah,
swiwine tugel sengkleh, wulune dibrodholi, ditendhang nganti kejet-kejet.
Rahwana saya cepet lakune anggone nggodhol Sinta, Sinta kelaran, kabeh perangan
awake krasa lara, satemene pengin uwal nanging sansaya kenceng sikepane
Rahwana. Wusanane amung bisa nangis melas asih njaluk tulung ngrerintih sedhih.
Sekar cundhuk mentul, gelang , kalung padha tiba kocar-kacir.
Tumeka
Negara Alengka Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang lan prabotan kang
edi peni, mawarna-warna mas inten barleyan. Sinta ora gumun lan ora ngrewes.
Rahwana nyoba ngarih-arih sarta nglelipur Sinta. Sinta crita manawa ora
kepencut nanging tetep setya marang Rama. Krungu kandhane Sinta, Rahwana muntab
lan ngincim marang Sinta yen ora manut bakal dipateni, nanging Sinta tetep
teteg atine ora wedi mati.
Ana
ing tengahing alas Dhandhaka, Rama anggone ngoyak kidang ora bisa kecekel. Rama
lan Lesmana banjur bali nglenthung ora oleh gawe. Iba kagete bareng wis tekan
papan dununge Sinta wis ora ana. Digoleki, diceluki ora ana wangsulan. Rama
saya kaged bareng nemu cundhuk mentul sing pating pececer, ing pangira Sinta
mesthi dicolong. Rama nesu jagad saisine bakal dijungkir walik, angin bakal
diendheg, segara kali bakal disat banyune, wit-witane bakal dibedhol. Tujune
Lesmana bisa ngreripih lan nglipur dadi lilih. Kekarone banjur nerusake laku
nggoleki ilange Sinta.
Tumeka
ana ing panggonane Jathayu, Jathayu menggeh-menggeh lan megap-megap kaya meh
mati nanging isih bisa nyritakake lelakone lan menehi weruh menyang endi parane
Rahwana sing nyolong Sinta, durung nganti rampung Jathayu tumekaning pati.
Jalaran wis ora bisa ketulungan mula Jathayu banjur kaobong dening Rama, keluke
geni kumebul menyang langit sing arahe tumuju menyang negara Alengka lan
keprungu swara tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Ora
watara suwe kekarone banjur padha budhal, sajrone ati ora leren-leren anggone
ngalembana marang lelabuhane Jathayu.
Ing
tengah dalan Rama lan Lesmana nampa pamrayoga saka pawongan, supaya njaluk
tulung marang wadya bala kethek supaya bisa ngluwari Sinta saka regemaning
musuh. Kaleksanan temenan Rama lan Lesmana ketemu karo Sugriwa. Eman Sugriwa
lagi susah jalaran duwe sedulur tuwa aran Subali sing srakah kepengin nguwasani negara
saisine. Rama gelem nulungi Sugriwa nyingkirake Subali, semono uga Sugriwa
gelem mbantu Rama mboyong Sinta saka regemaning Rahwana.
Sabanjure
Sugriwa klakon perang karo Subali, Rama ragu-ragu arep nglepasake panah amarga
Sugriwa lan Subali iku mirip banget ora ana bedane. Sugriwa banjur ditengeri
gegodhongan amrih ana bedane. Wusanane Subali kena panahe Rama nganti tumeka
pati, dene Sugriwa banjur madeg ratu ana ing negara Kiskendha, dene Anggada
winisuda dadi pangeran pati.
Ana ing negara Kiskendha ana kethek sing
sekti mandraguna, wicaksana, lan trampil trengginas. Dhasar tandang tanduke
andhap asor, kethek mau jenenge Anoman. Anoman dipercaya ngaruhake kahanane
Sinta didherekake bala wanara. Akeh godha sing diadhepi nalika nindakake ayahan
mau. Ing tengahing laku Anoman ketemu
karo Sampati, Sampati iku adhine Jathayu. Bareng wis ngerti karepe Anoman
Sampati menehi weruh ancer-ancer tumuju negara Alengka.
Anoman
lan wadya bala kethek padha mandheg sapinggire segara sing jembar ngilak-ilak
tanpa wates. Sawise padha rembugan sapa sing bisa nglumpati segara iku sing
dipercaya nglari Sinta. Sing saguh amung Anoman patang dina patang bengi anoman
ngambah akasa. Tekan Alengka Anoman malih rupa dadi kucing lan bisa mlebu ing
taman Soka ora konangan. Wusana bisa ketemu karo Sinta.
Tembung-tembung
sing angel
Raket =
akrab
Minangka = sebagai
sengkleh = arep sempal/tugel
kejet-kejet = arep mati
satemene = sejatine
uwal = ucul
sansaya = tambah/semakin
Wusanane = pungkasan = akhirnya
melas asih = mesakake
muntab = nesu
Teteg =
kekeh/ kuwat karep
bali nglenthung=ora entuk
Iba = alangkah
Diceluki = diundang
Pececer = sumebar
Parane = arahe
Pituduh = wewarah
Budhal = mangkat
Ngalembana = menyanjung
Lelabuhane = jasane
Pamrayoga = saran
Ngluwari = nguculi
regemaning = panguwasane
Kaleksanan = kelakon
Ditengeri = ditandhani
amrih = supaya
Wanar = kethek
Ayahan = tugas
ancer-ancer = paugeran/petunjuk
Saguh = gelem
ngambah akasa= ngliwati langit
konangan = diweruhi
0 comments:
Post a Comment