sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Monday, December 30, 2013



Lintang Alihan

Lintang abyor ing tawang
Cumlorot sliweran nalikane alihan
Kumleyeng mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar
Sinare gilar-gilar ing telenge atimu
Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawiwitan lintang abang,
Lintang perang
Kapindho lintang mirunggan,
Lintang kamanungsan
Pungkasan lintang kumukus,
Lintang kadurakan

0 comments:

Post a Comment