sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

Tuesday, December 10, 2013

KASMARANING JUMAT KLIWON



J
arene witing tresna kuwi jalaran saka kulina, nanging ora kanggo Arini. Dheweke ketemu karo Riyan ora jalaran saka kulina, nanging kanthi dumadakan lan ora kanyana-nyana nyen kedadeyane bakal kaya mangkono. Arini lan Riyan uga bingung yen ditakoni marang kanca-kancane, kapan lan piye ceritane kok bocah loro kuwi bisa dadi. Apa meneh yen ding nakoni ibune Arini. Wangsulane mesthi mung cekak banget lan gawe wong sangsaya bingung, yaiku “ceritane cukup singkat”.
Nalika kuwi dina Kemis malem jumat kliwon. Hawane pancen ya rada ora kepenak ngono kuwi, amarga biasane padha dianggep malem kang medeni. Nanging bakda isya, Arini malah nggarap tugas ing kampus amarga diSMS kanca-kancane. Arini ora sadar yen dina kuwi malem jumat kliwon yen ora diSMS ibune amarga ditakoni kahanane ing Semarang. Amarga wis kadung metu lan ana janji nggarap tugas bareng kanca-kancane, ya arep piye maneh, Arini tetep nerusake garapan karo kelompoke mau.
Nalika kuwi Arini uga duweni janji marang bocah liya. Bocah kuwi kakak tingkate sajurusan. Jenenge Riyan. Jam wolu Arini mlaku menyang mburi kantor jurusan, amarga janjiane ing kono. Arini mlaku dhewekan, ndilalah dumadakan listrik mati sefakultas. Arini kaget lan wedi, amarga posisine ora ana kancane lan durung ketemu karo Riyan. Banjur dheweke balik menyang kanca-kancane maneh. Selang 15 menit Riyan SMS Arini maneh, nakoni posisine Arini. Arini banjur mangsuli yen dheweke isih nggarap tugas karo kanca-kancane. Amarga kahanan listrik mati, tugase mau wis dibubari, sanadyan isih ana sing kurang sithik. Kanca-kancane padha ora wani bali menyang kos yen kewengen. Dumadakan Riyan SMS maneh yen dheweke ana ing samping gedung. Arini banjur marani posisine Riyan. Sawise ketemu, Riyan ngejak Arini mlebu jurusan lewat kantor. Nanging Arini ora gelem amarga ana akeh dosen ing kono. Arini lan Riyan mung ngadeg ing mburi lawang kantor jurusan.
Lawang kuwi pancen dadi dalan mlebu metune dosen wayah kuwi. Ndilalah ana dosen kang isih enom lewat karo ngendika yen rupane Arini lan Riyan kuwi mirip lan uga paringi donga muga wae jodho. Dosen kuwi asmane Pak Rudy. Pangandikane dosen mau dipikir karo Riyan nganti ora bisa turu. Riyan banjur cerita karo adhik kose kang jenenge Dwi.
“Dwi, kayane aku wis kepencut karo wadon liyan.”
“Sapa maneh kuwi mas?”
“Wong Rembang ig.”
“Lha sing Cilacap kae piye kabare mas?”
“Aku luwih kepencut karo sing iki, sanadyan aku durung pati suwe kenal.”
“Lha kok bisa kuwi piye mas?”
“Ya bisa wae lah. Kaya mangkene ceritane, pertama weruh saka kadohan ana wong wadon mlaku nggawa senter ing petengan, kaya widadari kang lagi nggawa ceplik. hehehehe
“Walah mas..mas...Ana-ana wae sampeyan iki. Eh,,, iya, iki kan dina Kemis malem Jumat Kliwon. Aja-aja kuwi wadon daden mas? hehehehehe
“Hush..!! Yo ora to ya. Yen kuwi daden mesthine aku wis rumangsa ana sing ora penak lan mung aku tok kang bisa weruh. Nanging nyatane kabeh wong bisa weruh lan aku uga ora ngrasakake apa-apa kang ora lumrahe.”
“Lha mau sampeyan kuwi kan yo wis ora lumrah to mas. Lagi ketemu kok wis tresna.”
“Lha piye maneh, wong wadon siji iki pancen duweni rasa kang beda lan gawe penasaran.”
“Wah...yen kahanane kaya mangkana yo wis mas. Ndang diuber wae mas. Selak didhisiki wong liya malah mengko sampeyan sing bingung.”
Sawise cerita karo Dwi, Riyan banjur balik ing kamare maneh lan mikir omongane Dwi mau. Banjur dheweke SMS Arini ngejak metu dina Sabtu sore. Dumadakan Riyan wis nyiapake mental kanggo ngomong Arini yen dheweke seneng marang Arini.
Dina Sabtu sore, Riyan SMS Arini maneh kanggo masthekake yen Arini sido gelem dijak metu. Riyan lan Arini mlaku-mlaku menyang taman kampus. Nalika iku, Riyan nganggo klambi kang rapi lan formal banget amarga bubar saka kampus. Beda banget karo Arini kang mung nganggo kathok jeans lan kaosan banjur dijaketi wae. Arini sempet kaget weruh Riyan nganggo rapi kaya kuwi, nanging Arini uga seneng weruh bocah lanang nganggo klambi rapi. Saliyane kuwi, Riyan uga nggawa kamera. Alesane kepengin golek objek kanggo latian  dadi fotografer. Nanging turut dalan Arini malah difotoni. Sasuwene mlaku bareng, Riyan lan Arini padha ndongeng gentian. Amarga Riyan lan Arini kuwi sajurusan, dadi yen ngomong mesthi nyambunge. Apa wae kang dibahas mesthi mudheng.
Nyedhaki magrib, Riyan ngomonge rada serius lan tenanan marang Arini. Ora ana guyon-guyone maneh. Ing tengah taman kampus kang endah lan akeh kembange, Riyan ngomong yen dheweke seneng lan tresna marang Arini. Pancen bener, Riyan kuwi lagi wae weruh Arini lan uga bener yen bocah loro kuwi lagi ketemu telung dina kepungkur, nanging Riyan wis seneng lan tresna marang Arini.
“Rin, aku oleh ngomong ora?”
“Lha kawit mau kan ya wis ngomong terus to mas?”
“Iki aku tenanan, Dhik. Aku arep ngomong penting”
“Iya mas, Arep ngomong apa ta?”
“Aku...aku...aku...”
“Sampeyan kenapa mas?”
“Aku seneng lan tresna marang sampeyan, Dhik. Gelem ora sampeyan dadi pacarku?”
Arini meneng wae amarga dheweke bingung arep mangsuli apa. Sejatine, dheweke uga seneng marang Riyan. Amarga dheweke lan Riyan wis lumayan suwe olehe kenal, nadyan lagi telung dina kepungkur ketemune. Nanging Arini isih rada ragu marang atine. Arini banjur minggir saka Riyan lan golek-golek gaweyan liya ben Riyan ora nguber wangsulane Arini. Nanging Riyan sangsaya nguber wangsulane Arini.
“Piye dhik? Gelem apa ora?
“Emmmmm...”
“Yen ora gelem ora apa-apa kok, Dhik.”
“Iya, Mas. Aku gelem. Nanging kanthi syarat, sampeyan ora kena mblenjani janjine dhewe.
“Iya, Dhik. Aku ora ngarah mblenjani janjiku dhewe. Matur nuwun ya wis gelem dadi pacarku. Nanging sampeyan ora mung tak anggep dadi pacarku, sampeyan iki tak anggep calon bojoku”
“lha kok bisa kaya mangkana mas?”
“Aku wis ora kepengin golek pacar maneh. Aku wis kepengin tenanan lan aku kepengein sampeyan dadi kang terakhir ing uripku.”
Bar magrib Riyan banjur ngejak Arini mlaku-mlaku menyang simpang lima lan ing daerah sekitar banjir kanal. Ing kono Riyan lan Arini ndongeng akeh perkara kuliah, kulawarga, gaweyan lan sapanunggalane. Riyan lan Arini ora kaya bocah lagi kenal lan lagi pacaran. Bocah loro kuwi kaya wis kenal suwe lan malah kaya kakang adhi. Ora krasa wis jam 9. Arini banjur diterke Riyan bali menyang kos.
Sesuke kahanan ing kampus beda banget ora kaya biyasane. Kanca-kanca padha takon kahananku karo Riyan lan padha takon ana apa antarane aku karo Riyan. Dumadakan ana kang ora seneng nalika aku cedhak karo Riyan amarga padha seneng karo Riyan. Nanging Riyan biyasa wae lan ora nanggepi anane kahanan kaya mangkana. Ing ngendi wae mesthi yen ana Riyan ya ana Arini, semono uga yen ana Arini mesthi ya ana Riyan. Amarga Riyan pancen ora tau ngeculake Arini metu dhewe kecuali yen Arini balik Rembang. Kuwi wae karepe ya arep diterke, nanging Arini ora gelem.
Pangandikane Pak Rudy pancen menehi dalan kanggo Riyan lan Arini. Amarga pangandikane Pak Rudy, Riyan dadi wani ngomong jujur yen dheweke seneng karo Arini, sanadyan olehe ngomong kuwi cepet banget. Nanging kahanan kaya mangkana kuwi ora masalah kanggo Riyan. Sing penting niate tulus lan ora gawe lara ati Arini.

0 comments:

Post a Comment