sugeng rawuh

wonten blog sinau basa jawa :)

BATIK

Batik khas Pachitan motif Sidomulyo

PANDAWA LIMA

Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa

Aksara Jawa

HANACARAKA

GAMELAN

Gong, Kendhang, Bonang, Kenong, Demung, Slenthem, Kethuk, Saron

Sunday, December 15, 2019

Teks Pranatacara Bahasa Jawa Tema Pengajian

TEKS 2 (PENGAJIAN)

Para sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari ingkang pantes sinudarsana. Para alim, ulama ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung dhumateng panjenenganipun Ustadz Slamet Riyadi ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah.
Para Bapak, Ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan Isra Mi’raj nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, dene kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan Isra Mi’raj ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
-          Adicara angka sepisan Pambuka
-          Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan  Kitab Suci Al-Qur’an
-          Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati saking ketua panitia.
-          Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapak Kepala Desa.
-          Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Ustadz Slamet Riyadi.
-          Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Bapak Ibu ingkang kula urmati, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Isra Mi’raj ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika saged lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Sumangga adicara ing dalu menika kita bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kula dherekaken BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM. Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kitab Suci Al-Qur’an saking Ananda Bagus Narendra kula sumanggakaken.
======
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak dangunipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking ketua panitia. Dhumateng  Bapak Muslim, panggenan lan wekdal kasumanggaaken.
======
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu Apriyadi minangka Kepala Desa Cilongok kula sumanggakaken.
======
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng Ustadz Slamet Riyadi kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan Isra Mi’raj ndalu punika. Dhumateng Ustadz Slamet Riyadi, sumangga.
======
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun Ustadz Slamet Riyadi ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya, bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Ananging saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula minangka pranata adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para hadirin ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT kanhi maos lafal Hamdalah, Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana, ngaturaken sugeng kondur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Teks Pranatacara Bahasa Jawa Karang Taruna

(ADICARA KARANG TARUNA)

Assalaamu’alaikum WR.WB
Ingkang kula urmati panjenenganipun Ketua Karang TARUNA Tunas Harapan Sub Unit Cilongok 1, saha para pengurusipun.
Ingkang kawula urmati Pembina/pembimbing Karang Taruna Sub Unit Cilongok 1
Ingkang kawula urmati ugi Mas/ Mbak ….. selaku Shokhibul Baid saha para mudha-mudhi anggota Karang Taruna Tunas Harapan ingkang kawula tresnani.
Saderengipun sumangga kita ngaturaken raos puji saha syukur kita dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kula panjenengan  sedaya. Sahingga kita sedaya saged  rawuh saha makempal wonten ing kempalan rutin Karang Taruna Tunas Harapan Sub Unit Cilongok 1 menika, kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal menapa. Mboten kesupen Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah. Amin
Saderengipun acara kawiwitan, keparenga kula ndherekaken lampahing adicara pepanggihan wonten ing siyang menika, lan saklajengipun kula badhe maosakaen menggah urut reruncening adicara ing wekdal menika:
1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika PAMBUKA.
2.    Kaping kalihipun SAMBUTAN:
-          Sambutan setunggal saking Ketua Karang Taruna
-          Sambutan kalih saking Pembina Karang Taruna
-          Lan sambutan ke-tiga inggih menika saking Shohibul baid
3.    Adicara ingkang Kaping Tiga acara INTI, inggih menika musyawarah
4.    Adicara kaping sekawan inggih menika LAIN-LAIN/ LAPORAN Bendahara lan Sekertaris
5.    Saha adicara ingkang kaping gangsal inggih menika PANUTUP,
Para lenggah sedaya ingkang winantu suka basuki mengeti wekdal sampun siyang, mangga adicara ing siyang menika kita bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kula dherekaken BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM
Ndungkap adicara sak lajengipun nun inggih Sambutan. Sambutan ingkang kaping setunggal nuninggih sambutan saking Ketua Karang Taruna ingkang bade kaslirani, dhumateng panjenenganipun …………… kula sumanggakaken.
Sambutan ingkang kaping kalih nuninggih saking Pembina Karang Taruna. Dhumateng …… wekdal lan panggenan kula sumanggakaken. Matur nuwun.
Sambutan ingkang saklajengipun nuninggih saking ….. , sumanggakaken. Matur nuwun
Adicara salajengipun inggih menika acara INTI Musyawarah dhumateng Mas/Mbak ….. kasuwun mimpin acara inti ing wekdal siyang menika. Sumangga.
“Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Mas/Mbak …… ingkang sampun mimpin acara Musyawarah.
Lumampah adicara sak lajengipun nuninggh adicara ingkang kaping sekawan. Adicara ingkang kaping sekawan nuninggih LAIN-LAIN utawi Laporan saking bendahara saha sekertaris Karang Taruna, dhumateng panjenenganipun …………. sumanggakaken.
Adicara ingkang pungkasan  inggih menika panutup. Ananging saderengipun adicara dipuntutup kulo badhe ngumumaken pertemuan ingkang saklajenipun wonten ing dalemipun Mas/Mbaak…. RT……
Saha kula minangka pranata adicara wonten mriki menawi  anggen kula ndherekaken lumampahing adicara menika kathah kekiranganipun saha lepat lan tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya  kula nyuwun  agunging samudra pangaksami. Matur nuwun. Mangga adicara menika tinutup kanthi waosan HAMDALAH  sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Sumber : http://rahayuris.blogspot.com/2016/05/teks-pranatacara-pembawa-acara-dalam.html kanthi owahan

Thursday, August 8, 2019

TEMBANG MACAPAT POCUNG TEMA PENDIDIKAN

TEMBANG MACAPAT POCUNG KARYA SMK NEGERI 1 PURWOKERTO


Murid iku kudu nglakoni sinau
aja dadi beban
supaya dadi wong becik
lan kasembadan kabehan cita-cita.

Esuk sore sun sekolah nggolet ngelmu
kanggo kapinteran
mbeneri budi pakerti
muga-muga uripe dadia mulya.

Bocah-bocah ayo padha nggoleh ngelmu
kanggo masa depan
ben uripe luwih becik
gawe bangga wong tuwa lan kulawarga.

Ayo kanca bebarengan nggolet ngelmu
marang sekolahan
sinaune dilakoni
yen wis bisa njur maraih kanca-kanca.

Kawit ganu kaki nini nggoleh ngelmu
ben ora rekasa
lan ra dadi tukang ngarit
muga dadi tuladha para pemudha.

Saben dina ingsun kudu tangi gasik
mangkat neng sekolah
nggolet ngelmu kanthi becik
supaya bisa mujudna cita-cita.

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA TEMBANG MACAPAT KINANTHI


RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1
PASINAON 1 TEMBANG MACAPAT KINANTHI

Tandha-tandhane tembang macapat yaiku nganggo pathokan/paugeran : guru wilangan, guru lagu, guru gatra lan pada, basane nganggo basa Jawa anyar, bisa mandheg dhewek tanpa diiringi gendhing. Gunane tembang macapat yaiku kanggo kasustran jaman siki, kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing, kanggo lagu ketoprak lan wayang wong, kanggo ngarang kapustakan Jawi, kanggo parikan lan dhagelan. Jenising tembang macapat ana 11 yaiku maskumambang, mijil, kinanthi, sinom, asmarandhana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung
Miturut maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa sing wis mbangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem kari keluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya sakabehe tumindak bener adoh saka sing ora bener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang para putrane.
            Watake tembang Kinanthi sarwa seneng, bungah, asih, gumolong (mupakat). Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur lan rasa tresna asih. Serat wedhatama ing tembang Kinanthi ngajarake tuntunan moral supaya ngolah lantiping rasa lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa sing berbudi luhur.

Tuladha tembang Kinanthi pada 1

 

5          6          6          6          6          1          2          2
Mang-  ka        kan-     thi-       ning     tu-      mu-      wuh
2          1          1          1          2          54        5          6
Sa-       la-        mi        mung   a-        was      e-         ling
5          6          1          1          1          1          12        1
E-        ling      lu-        ki-        ta-        ning     a-         lam
6          5          5          5          6          4          2          1

Da-      di         wir-      ya-       ning     du-       ma-      di
1          2          4          5          5          5          5          5
Su-       pa-       di-        nir        ing       sang-    sa-        ya
4          4          4          4          45        42        4          5
Ye-      ku        pa-       ngrek-  sa-        ning     u-         rip



Mangka : dadi, kanthining : kanthi (kinanthi), tumuwuh : thukul, salami : sasuwene, awas : waspada, lukitaning : pratanda, wiryaning : kakuwatan, supadi : supaya, nir : ilang/ucul/ora ana, sangsaya : kasengsaran, yeku : yaiku, pangreksaning : ngopeni

“Dadi kanggo sanguning urip, selawase kudu awas lan eling, eling marang pertandaning urip, dadi kekuwatane urip, supaya adoh saka sangsara, yaiku cara ngopeni urip

“Padahal bekal hidup, selamanya waspada dan ingat, ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini, menjadi kekuatan hidup, supaya lepas dari sengsara. Itulah memelihara hidup”



Tembang Kinanthi pada 2
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
Marma : mulane, den : di, taberi : tekun, kulup : anak, angulah :ngolah, lantiping : pintere/tajeme, rina : awan, anedya : ngupaya/usaha, pandak-panduk : tindak-tanduk, bengkas : ngilangake, kahardaning : hawa nepsu, driya :ati/pribadhi, supadya : supaya, dadya : dadi, utami : utama
“mula sregepa anakku, sinau netepi ati, awan wengi diupayakna, mlebu sajroning ati, ngilangake hawa nepsu ing dhiri, supay dadi wong sing utama

“maka rajinlah anak-anakku, belajar menajamkan hati, siang malam berusaha, merasuk ke dalam sanubari, melenyapkan nafsu pribadi, agar menjadi (manusia) utama”
 










Friday, March 22, 2019

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER II


ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER II
(Bab Sinom, Pranatacara, Kagunan Basa, Unggah-ungguh lan Aksara Jawa)


1.      Tembang kuwe jan-jane sawijining tulisan sing anggone maca kanthi cara ....
A.    sekarepe dhewek
B.     dilagukna manut laras sing mathuk
C.     angger moni bae tanpa laras
D.    angger moni bae nganggo alat seanane
E.     dilagukna sing seru banget
2.      Cacahing larikan saben sapada tembang macapat diarani ....
A.    guru gatra                          D. guru pada
B.     guru wilangan                   E. guru sastra
C.     guru lagu
3.      Serat wedhatama katulis dening ....
A.    KGPAA Mangkunegara IV
B.     KGPAA Mangkunegara VI
C.     Pakubuwana IV
D.    Pakubuwana V
E.     Pakubuwana VI
Gatekna tembang Sinom ngisor kiye!
Nuladha laku utama
Tumrape wong Tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati Amarsudi
Sudanen hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
4.      Ing tembang ndhuwur, gatra sing guru lagune tiba swara wulu yaiku ....
A.    gatra : 1,3,5,7                    D. gatra : 3,6,9
B.     gatra : 2,4,5,8                    E. gatra : 8,9
C.     gatra : 2,3,4,9
5.      Ing tembang ndhuwur, sing guru wilangane ana cacah 7 yaiku ....
A.    gatra 1 lan 2                      D. gatra 5 lan 6
B.     gatra 3 lan 4                      E. gatra 5 lan 7
C.     gatra 4 lan 5
6.      Guru wilangan sing paling akeh dhewek cacahing wanda yaiku ....
A.    gatra 5                               D. gatra 8
B.     gatra 6                               E. gatra 9
C.     gatra 7
7.       “Tanapi ing siyang ratri”. Tembung ratri tegese ….
A. dina                                                D. utama
B. wayah                                 E. wengi
C. gemati
8.      Ing ngisor kiye sing ora klebu istilahe pranatacara yaiku ….
A. pambyawara
B. pranata adicara
C. pranata acara
D. pariwara
E. pranata titi laksana
Gatekna pethilan teks pranatacara kiye!
Dhumateng panjenenganipun para sesepuh saha pinisepuh ingkang kinurmatan. Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang kula urmati.
9.      Saka pethilan ing ndhuwur minangka urut-urutaning teks pranatacara yaiku ….
A. salam pambuka
B. atur puji syukur
C. atur pakurmatan
D. wedharing gati
E. atur pangapura
10.  Ing ngisor kiye sing dudu syarat/sangune dadi pranatacara sing becik yaiku ….
A. swara cetha
B. solah bawa sing prasaja
C. basa lan sastra kudu bener
D. busana jumbuh karo acara
E. subasita kudu nganggo aktraksi
Gatekna rantaman adicara ngisor kiye!
1)   Pambuka hamiwiti tumapaking gati.
2)   Kalajengaken titilaksana, Bapak saha Ibu Slamet Santosa masang bleketepe.
3)   Acara katiga, ingkang putra badhe hanguswa pepadaning Rama Ibu
4)   Paripurna adicara sungkeman, kalajengaken adicara pasrah tirta perwita sari.
5)   Saripurnaning adicara pasrah toya siraman.
11.  Saka rerangkening acara ing ndhuwur, rantaman adicara kasebut bakal kaleksanan ing acara ....
A.    pawiwahan
B.     siraman
C.     midodareni
D.    pasrah tampi penganten
E.     panggih
12.  Adicara ingkang angka sekawan inggih menika panutup ... mbok bilih wonten atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk kirang nengsemaken, kanthi andhap  asoring manah kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Ceceg-ceceg ing ndhuwur supaya jangkep diisi ukara ....
A.    Minangka prananda adicara enjang menika sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun gusti Allah SWT.
B.     Purnaning wedharing diskusi menika mratandhani bilih titi laksananing adicara pepanggihan enjang menika sampun paripurna.
C.     Wasana cekap semanten anggenipun kula matur. Wekdal saklajengipun kula wangsulaken dhateng pranatacara.
D.    Mugi-mugi adicara ingkang karantam menika saged lumampah kanthi winantu barokah saking gusti Allah AWT.
E.     Mekaten menggah runtut reroncenging titi laksana adicara diskusi ing enjang menika.
Gatekna pethilan teks pranatacara kiye!
Dhumateng bapa Slamet ingkang kula (1) ... saha para kadang ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng (2) ... raos puji dalah syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi (3) ... satemah kita sedaya saged (4) ... kanthi manunggal wonten papan menika mboten wonten (5) ... satunggal menapa.
13.  Teks rumpang ing ndhuwur supaya jangkep kaisi tembung ....
A.    (1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan
B.     (1) tresnani, (2) ngunjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan
C.     (1) urmati, (2) ngunjukaken, (3) panuwun, (4) sowan, (5) alangan
D.    (1) urmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan
E.     (1) urmati, (2) ngunjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan
14.  Ing ngisor kiye sing ora klebu tembung yogyaswara yaiku ....
A.    dewa-dewi
B.     bethara-bethari
C.     yaksa-yeksi
D.    widadara-widadari
E.     bola-bali
15.  Tembung yogyaswara sing nggambarake anak loro lanang wadon yaiku ....
A.    gana-gini
B.     kedhana-kedhini
C.     putra-putri
D.    mudha-mudhi
E.     taruna-taruni
16.  Luwih becik nggolet kurangane awake dhewek, aja mung metani alaning liyan!
Tembung entar sing kacithak miring tegese ....
A.    Nggoleti kurangane/cacade wong liya
B.     Nggoleti wong sing nduwe cacad/sing ala
C.     Nggoleti tumane wong liya
D.    Nggoleti lupute wong liya
E.     Nggoleti wong sing nduwe tuma.
17.  Wong diarani tipis lambene iku ndhuweni teges ....
A.    lambene tipis kaya kertas
B.     lambene kaya sisir
C.     kakehen omong
D.    seneng mangan enak
E.     omongane mancla-mencle
18.  Ibuku lagi ... kanggo nyuguhi kanca-kancaku sing padha arep sinau bareng.
Ukara sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ndhuwur yaiku ....
A.    menek klapa
B.     nyangking banyu
C.     nggodhog wedang
D.    nguyahi  segara
E.     njait klambi
19.  Melok-melok wedhakane, sumunar agiler-giler kaya kencana binabar. Palarapan nyela cendhana sinungging pepaes warna langking.
Pethilan ing ndhuwur migunakake tembung ....
A.    tembung saroja
B.     tembung yogyaswara
C.     kerata basa
D.    rura basa
E.     panyandra
20.  Swarane kaya bledheg. Ukara kasebut klebu tembung ....
A.    tembung saroja
B.     tembung yogyaswara
C.     panyandra
D.    pepindhan
E.     rura basa
21.  “Nuwun sewu bu, badhe nyuwun priksa dalemipun Bu Marjinah wonten pundi nggih?”
Wangsulan sing bener yaiku ....
A.    Ngapunten mba, kula boten ngerti
B.     Pangapunten mba, kula boten priksa
C.     Pangapunten mba, kula boten ngertos
D.    Ngapunten mas, kula boten ngerti
E.     Pangapurane mas, aku ora ngerti.
22.  “Aku mangan srabi lima, banjur ngombe kopi.”
Ukara ndhuwur angger jejere diganti Simbah lan ngecakna unggah-ungguh basa sing bener unine ....
A.    Simbah dhahar srabi gangsal, lajeng ngunjuk kopi.
B.     Simbah nedha srabi gangsal, lajeng ngunjuk kopi.
C.     Simbah dhahar srabi gangsal, banjur ngombe kopi.
D.    Simbah nedha srabi gangsal, banjur ngunjuk kopi.
E.     Simbah mangan srabi lima, banjur ngombe kopi.
23.  Wangsulan sing bener kanggo mangsuli pitakonan : “Panjenengan kagungan dalem pinten?” yaiku ....
A.    Kula gadhah griya setunggal
B.     Kula kagungan griya setunggal
C.     Kula kagungan dalem setunggal
D.    Aku nduwe umah siji
E.     Kula gadhah dalem setunggal
24.  Simbah saweg ... wonten kamar. Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A.    tru
B.     s[r
C.     mzn\
D.    [foln\
E.     zimPi
25.   Pating krubyuk banyu nang kali, aksara Jawane ....
A.    ?pti=kR|b‐ kBvun=kli.
B.     ?pti=k(b-u kBvun=kli.
C.     ?pti=k(b- kBvun=kli.
D.    ?pti=k(b-u kbvun=kl.
E.     ?pti=k(b-ukbvunkli.